🤪 BABAGAN PULITIK IKU KEJEM 😗

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Dwh7pddd5ojkGdFmPZfTof6wLZLoJogppM837f7fG6qcHv18sbhLQzZ2BSseaZG7l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Kejeme jor-joran rebut menang ing tetandhingan pulitik nganti sumrambah uga ing babagan ekonomi klebu dedagangan kadya saiki iki, ing ngendi-endi ana pratandha padha kena bebujuk ancaman lan ruda-peksa.


1. Ana wong dodolan bubur...,

     'dilarang keras' (dipenging atos) 🫡


2. Ana wong dodolan dhawet...,

    'dicidhuk' 🤪🍝


3. Ana wong dodolan sate...,

     'ditusuk' 🤦🏻‍♂


4. Ana wong dodolan es degan...,

     'dibacok' 😭


5. Malah wingi aku bener-bener meruhi ana wong dodol roti...

     'dibakar' (diobong) 😭


6. Coba digagas mosok ana wong dodolan kopi...,

     'disiram banyu panas' 🤦🏻‍♂


7. Ee lha dalah ana wong dodolan beras...,

     'dikarungi' 🤭🤭


8. Ana meneh wong dodolan lenga wangi (parfum)...

    'disemprot' 😲😲


_Hihihii Serem buanget ya babagan pulitik iku kejem, ambek-siya! 🤦🏻‍♂🙊..._


9. Nanging elok men ana wong dodol duren sing kaliwat bejo...

     'diambungi' (diciumi) 🤪🤦‍♂️


Ayo mesem yo... ning åjå mesam-mèsem dhewe lho😁😍


JM, sore-sore, 21224

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN