ANAK-ANAK GLANDHANGAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02uhEK6HLcrpSRxC8FYUWSm25t6dD8WaFNopFXVJ9HQDRrmMkJUEkUyvWvsZFpVMAAl/?mibextid=Nif5oz

Anak-anak glandhangan turu sangisóre lóngan (kolong) krêtêg.

Gêlaran koran kêmulan amóh datan sawijiå kang prêduli.

Datan ånå manèh usapan asih katrêsnane biyung.

Uripe anggantungake wêlas asihe wóng liyå kadyå pangumbårå ing paran.


Larikan-larikan ukara ing nginggil punika nelaken kasangsaranipun kaum papa lan kaprihatinan kita samya.

Sejatosipun ing undhang-undhang dhasar negara, kasebataken dene anak dalanan/glandhangan dipunopeni lan dipuntanggel dening negara. Ananging punika budidayanipun taksih dereng saged kaleksanan kanthi pener lan leres.


Dinas Sosial minangka prangkat pamarentah ingkang anggadhahi tanggel jawab prentah undhang-undhang kasebat taksih tebih saking pangajeng-ajeng dereng estu-estu tumindak. Senadyan makaten, prelu terus kaupayakaken nagara sageda ngayahi ngentasaken lare-lare glandhangan saking jurang kamlaratan. Mendah mrihatinaken, boten maelu para pulitisi, pamong/pandhegane praja ingkang gembar-gembor cariospun nyulihi tanganing rakyat ananging gesangipun mubra-mubru jor-joran arta, bandha donya klawan tumindak sesidheman ngunthetaken kaskayaning nagara ingkang kaaran korupsi.


Gegambaran kalawau dumados ing neg. +62 ingkang kita tresnani puniki. Mugya kanthi pinilihipun pemimpin enggal, mangkenipun sageda netepi prentah undhang-undhang klawan tulus mboten mblenjani janji-janjinipun utaminipun ngentasaken kasangsaranipun lare-lare glandhangan sarta mulyakaken gesangipun kawula alit.


Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti mugya kajiwa lan kasarira mring kita sanggya umatipun kinasih. 🤝

Gusti amberkahi, Amin Aminnn 🙏🙏


JM, kekes enjing, 29224

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN