PANGGULAWENTHAH GEGLADHÈN KULAWARGA

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02rkrqJi7bZmQ1zU1D3TSptUX64omRoWnKELWnpT3nMgF7LFGni8ZpYhDUasheBvHal&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Ing jaman purwaning dumadi (kawitan) Gusti Allah Kang Murba Wisesa nitahaken langit lan bumi saisinipun lan samukawis titah gesang karipta kadidene ingkang kinarsakaken.

Klebet manungsa katitahaken, inggih awit saking karsanipun Gusti Allah tumunten nitahaken manungsa sairib gambaring Allah, jaler kaliyan estri.

Lajeng samya dipunberkahi lan dipunpangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabèhing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.” (Purw. 1:28)


Manungsa ingkang karipta kawitan inggih punika bapa Adam lan ibu Kawa, ing ringkesing carios sami bebranahan lan tangkar-tumangkar kadya ingkang dipunkersakaken Gusti Allah, inggih ing ngriki dumadining kulawarga bapa-biyung lan anak-anak sumrambah wayah/putu lan tedhak turunipun.


Sawijining kulawarga wiwit rumiyinipun ngantos dumugining sapunika mbetahaken panggulawenthah saking bapa-biyung dhateng para putranipun. Inggih panggulawenthah wau mujudaken cikal-bakal gegladhèn (pendhidhikan) kang apurwa lan utama saderengipun wonten bebadan piwucalan, pawiyatan utawi sekolahan-sekolahan, kursus-kursus lan bebadan pawiyatan resmi sanesipun.


Gegladhèn kulawarga kang mujudaken cikal-bakal pamerdi wulang-wuruk amurih anggadhahi bebudèn luhur tumrap para anggota kulawarganipun mendah mulya lan sanget kabetahaken kangge nyithak manungsa kang anggadhahi budi-pakerti luhur, kebak sipat lan solah-bawa kang sarwa sae sarta pinuji.

Boten saged punselaki, bilih biyung (ibu, simbok, emak) ugi bapa anggadhahi jejer kang madeg minangka dwija (pendhidhik) kang dados panutan anak-anakipun. Pramila mendah sanget prelunipun minangka bapa-biyung saged paring tuladha bebudèn luhur. Karana makaten bilih gegladhèn kulawarga saged nyithak manungsa-manungsa sumawa (sae) wusana saged ngasilaken masarakat kang sae solah-bawanipun makaten ugi kang anggadhahi budi-pakerti kang sarwa sae (berjiwa luhur, bs Ind) salajengipun saged andadosaken masarakat kang guyub-rukun gotong royong ambangun praja lan nagara.


Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti mugya kajiwa lan kasarira mring kita sanggya umatipun kinasih. 🤝

Gusti amberkahi, Amin Aminnn 🙏🙏


JM, lingsir ndalu, 24224

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN