MISUWUR MUJUDAKE BERKAH

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0apyX9Uko5jNUh4tuduf6Kt5s5uFUwrgLQuh42VsSfz2iJuPjHV8KqxFdzy4oR9Jl&id=100053518547586&mibextid=2JQ9oc

Ing kahanan kapan lan apa bae, wong-wong padha mbudidaya mburu misuwur /kawentar supaya kondhang kaonang-onang jenenge. Emane, akeh sing golek klawan cara kang kleru lan ora nganut tata kapantesan utawa tata krama ing tengahing masarakat kayata gawe unggahan 'pidio' nyindhir lan nacad pehak liyane, bage-bage amplop lan dhana sosial, pranyatan bab-bab sing kurang patut andadekake gonjing ing rat-maya.Temtu iku bisa andadekake tuladha kang ora becik kanggone wong akeh / masarakat.


Kamisuwuran luwih elok yen bisa digayuh kanthi tumindak pinuji menehi conto-conto kang becik, upamane aweh leladi tenaga lan pikir (gagasan) kang dibutuhke masarakat, ora malah njaluk diladeni. Nengenake pangurbanan kanggo kabutuhan kawula alit iku wujud leladi kang ndadekake gegayuhan kamisuwuran kang pinuji. Leladi ora pilih-pilih nanging bisa kanggo sapa bae apa iku ing kutha-kutha gedhe semono uga marang rakyat ing padesan.


Leladenan dudu tumindak kang ditujokake kanggo anggayuh kamisuwuran. Yen niat kita amung kanggo luru kamisuwuran, bisa kaaran wus kleru saka ing kawitan. Sabab, enering kawigaten katujokake ing dhiri pribadi ora marang wong liya kang mbutuhake leladenan. Kamisuwuran ora kena lan ora becik dadi tujuan, nanging malah kamisuwuran bisa andadekake sarana kanggo nglumantarake berkahe Gusti kang tundhone bisa murakabi marang wong akeh.


Kepengin misuwur ora kok kleru, nanging kamisuwuran iku adhedhasar mujudake tindakan kanggo ngluhurake asmane Gusti jalaran kamisuwuran mujudake berkah pinangkane saka Gusti piyambak kang kaparingake marang kita.


Salam tentrem rahayu mugya Gusti amberkahi.... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat esuk, 4224

         ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN