LELAMISAN ing GESANG KAPITADOSAN
Wonten ing pasrawungan asring lan sawetawis kathah tiyang ingkang namung nengenaken resiking raga lan praktik ngibadhahipun kang ketingal saking njawi, ananging ngesupenaken resiking nala lan solah bawa kasaenan.
Asih katresnan mring sasami kadosta urmat dhateng tiyang sepuh ugi tetiyang kang punsepuhaken saha solah bawa lan pocapan-pocapanipun kang cundhuk kaliyan tata krama boten punugemi kanthi tulusing manah. Kamangka punika mujudaken dhedhasaring gesang kapiitadosan dhumateng Pangeran Gusti Kang Murbeng Agesang.
Boten elok lamun ing gesang kapitadosan (kaiman-an) kita dados lelamisan, umpaminipun kaculikan utawi pamblithukan kang punrancang namung kangge pamiluta kawigatosan lan pados kamisuwuran (popularitas, bs Ind.) kita kewala.
Sampun ngantos gesang kita ketingal sae lan soleh ing njawinipun, nanging kebak lelamisan ing batosipun.
Nedya sregep angibadah estu sae ananging cobi pun gatosaken salebeting manah kita, punapa taksih wonten raos sengit/drengki dhateng ngasanes, tumindak pamblithukan, 'korupsi', pitenah (seksi goroh) lsp.
Ingkang baken, gesang kapitadosan kita plethekipun saking salebeting manah estu-estu ngugemi dhawuhipun Gusti lan angasihi ing sasami.
Salam tentrem rahayu kang pinangkaning saking Gusti mugya karumetaha mring kita sadaya, Gusti amberkahi.... Amin Amin đđ
JM, bangun esuk, 12224
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar