AKU TAN NGRÊTI MBESUKE
Sangsåyå cêthå lakuku, pindhå sukmå sumêngkå
kêpårå ènthèng sangganku, kadyå megå lir slåkå.
Suryane padhang sampurnå, tanpå tangis ngrubêdå;
wasånå kluwunge praptå ardi ngantós akåså.
Aku tan ngrêti mbesuke, biså nyånggå sangsåråku
s'èstu kang paring rejeki angayómi uripku.
Wêktu rumpil pandumanku, biså klêbu urubing latu,
nging Gusti anèng sisihku, angêntas s'ing duhkitå m'rih rahayu.
JM, esuk tintrim, 60224
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
🙏👏🙏
Dhuh Gusti Allah Yehuwah kawula ingkang pinarak ing dhamparing swarga 👏
Puji sokur konjuk ing ayunan Paduka dumugi wanci ing samangke punika kawula tansah kasinungan berkah Paduka.
Awit hanamung Sih-katresnan Paduka datan kendhat karumentahaken dhateng kawula.
Panuntun dalah pangayoman wonten ing margi kaleresan ingkang Paduka cawisaken tansah gumelar ing gesang kawula padintenipun. Sadaya berkah karahayon ingkang kawula tampi lan raosaken pinangkanipun hanamung saking Sih-katresnan Paduka. Sinaosa kawula umat sekeng tansah ndleya saking dhawuh pangandika Paduka, ananging iba kabagyan kawula ing panuntun, panganthi saha pangayom Paduka tansah kasokaken dhateng kawula ngantos dumugeng wekdal samangke.
Dhuh Gusti keparenga katur puji pangastawa kawula konjuk ing pangayunan Paduka. Keparenga Roh-suci Paduka miyarsakaken osikang manah kawula paring panuntun anggen kawula ngayahi darmaning agesang mugya tansah wonten ing margi kaleresan ingkang cundhuk kalihan pangandika lan karsa Paduka, tinebihaken saking panggodha saha reribet nir baya nir sambekala.
Dhuh Pangeran Allah sesembahan kawula, kepareng kawula kaparingan idi anglampahi saha anapaki gesang ing tembenipun wekdal sageda dados lumantaring berkah Paduka dhateng kulawarga saha sesami ing sakiwa tengening gesang kawula, samidene asih-angasihi satunggal lan satunggalipun ing antawisipun kawula samya, kasinungan dirga ing umur kang kebak berkah.
Kepareng kawula inggih nyuwunaken Sih-kadarman Paduka dhateng bangsa lan nagari kawula ingkang badhe anggelar Pemilu, mugya sadaya warga dalah pamengku lan pandheganing praja sageda pikantuk panuntun Paduka, panaringan raos guyub rukun sawiji satunggal kulawarga bangsa Indonesia saiyek saeka praya ambangun nagari ingkang Paduka paringaken punika temah sageda manggih nagari ingkang adil, gemah ripah, tentrem rahayu.
Wusana donga lan panyuwun kawula punika, kawula unjukaken ing Arsa Paduka linandhesan awit Sih-ing Paduka Gusti kawula Yesus Kristus... Amin Amin 🙏🙏
Komentar
Posting Komentar