GOLEK AMANE lan EMANE

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid023z6KBnmaXwGiQ5eKoJsx8HUiWSBLu9ccTCt2w1MGQvmgeuR7SmoV8Q2BShn7szczl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Nalika sawijining pamong drajat pangkat lan kalenggahane kaancam, dheweke nedya nindake apa bae kanggo nylametake/amane, klebu golek lenane murih njegal mungsuh/lawan tandhinge. Ananging yen kira-kira apa kang katindakake bakal ngapitunani awake dhewe, dheweke njur ngupaya daya-daya golek slamete/amane (ben tetep kuwasane) lan golek emane (eman-eman yen ilang kursine sing mendat-mendut) klawan ethok-ethok ngrangkul srana nyengkuyung lan nyarujuki sang lawan mawa lelamisan. Patrap kaya mangkono iku mbebayani tumrap sawijining pakumpulan apa bae cilik utawa gedhe wewengkone.


Dadine, pawongan kang mangkono iku milih golek aman awit supaya kuwasa kang diemban tetep kuwat lan kukuh ora oyag-oyig yen prelu salawase bisa dadi panguwasa, senadyan kapeksa nyelaki kabeneran ethok-ethok ora ngerti. Kita mrangguli ing pakumpulan apa bae, bisa kadadean uga ing babagan pulitik tingkat dhaerah tekan ing pusat kasunyatane amung ngladeni kapentingane golongan tartemtu iku pancen ana lan ora bisa diselaki mung ya angel mbuktekake.


Kang dadi pangarep-arepan kita samya muga-muga bae kahanan gonjang-ganjing padhebatan ing babagan pulitik ora ngambra-ambra nganti gawe horeg lan ngregoni kukuhe ekonomi kang minangka hajate wong akeh, rakyat padha njejerit ngrasakake reregan kabutuhan dhasar urip sundhul langit.


Nyumanggakaken 👏

Sugeng ngayahi jejibahan sowang-sowang, 

mugi rahayu sagung dumadi, 

bagas saras kang linaras.

Gusti amberkahi... Amin 🙏🙏


JM, bangun esuk, 15324

         ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN