LELARAN ING SOSMED YAIKU PAMER

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ivzBtHp7a7J3rVWXSXWdgehg2T8ea67gbKVfcbx4yLEnRc2dWKWQNb66sHeiZJkul&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

1. Pamer wajah (rai, praupan, pasuryan)

Kirim unggahan : "mejeng 'selfi', tiktokan lsp.


2. Pamer harta (bandha darbeke)

Ing 'status' ngunggah. 'lagi nang bengkel serpis mobil kesayangan' dibarengi photo-photo.


3. Pamer kamesran

Ing status medsos, 'lagi mlaku-mlaku karo dhemenan ing Malioboro' (dibarengi photo-photo mesra /raket supeket).


4. Pamer sukses kamajuan

Update status, 'Puji sokur, alhamdulillah menang lomba olimpiade matematika'. putra putrine winisuda saka pawiyatane (TK apadene Sarjana).


5. Pamer gawe kabecikan

Contone, 'Seneng bisa ambage bansos ing panti asuhan' (ora nang pinggir dalan lho ! đŸ€Ș)


6. Pamer rejeki

Unggahan katitik, 'puji sokur wis payu adol omah, montor lsp.lsp..'


Mbokmenwa isih akeh sing durung kasebutake....đŸ« 

Watake manungsa kang dhasar lan jero yaiku seneng pamer.

Lamun duwe praupan elok, ayu, bagus, kasugihan, gawe kabecikan mring sasama, nduweni sukses kemajuan, akeh rejekine, lan kasugihan kang gebyar, mesthi rasa gatel pengin mamerake langsung utawa nganggo mlipir-mlipir ora bisa diselaki. Apa maneh jaman kemajuan mawa maneka sarana digital, gampang banget kanggo nglumantarake krentege pamer mau, kari ngobahke driji nal-nul kanthi rikat sumebar sadesa, sakutha malah sadonya.🧏‍♂️


Mula kaprayogakake, sing padhadene wicak anggone migunakake kamajuan 'tehnologi informasi'. 

Pamer ora kabeh ngandhut pangaji kurang (minus), nanging ya bisa dadi tetimbangan yen iku njalari gawe paedah tumrap dhiri pribadi apadene mring wong akeh bisa bae klawan pangetrapane kang wicak mau, ora grusa-grusu sithik-sithik ngunggah ing medsos tanpa kaetung kawusanane.


Samanten rumiyin pangudharing raos, heheheee... mengko ndhak diarani pamer.đŸ€Ș Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten lamun kathah lepat lan kirangipun.


Mugi sarwa rahayu kang tinemu,

bagas saras kang linaras 

tentrem kang agawe adhem ayem

Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat enjing, 1324

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN