LÊRÊMÅ LAN SABARÅ

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02zwB9MqEdNx8u6mSh39K9yvYsmbLDnR5NjQV1zppJ2KABtuiUCe2k6HaV4ecq3zgvl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku

tanggòn sangsårå, aywå ngrêsulå.

Pasrah lan pracåyåå marang Gustimu

sanggyå duhkitå kang tumåmå.

Allah satyå datan nguciwanyå

såpå kang ånå ing payoman-Nyå.


Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku

karêbèn tansah kinanthi Gusti.

Ing astane Gusti piyambak kang kawuri wus sirnå

amapag ing têmbe kang sumadhiyå.

Horêging bajrå datan anrajang

'wit sanggyå ing waseså Gustimu.


Lêrêmå lan sabarå, he jiwaku

kalamun kapundhute kadang sêtyå

kang nêmbe tumåmå ing sungkåwå.

Gusti angêntas abóting duhkitå

muhung sih nugråhå kang katåmpå

såkå Gusti Sumbêr Panguripan lan Må Waseså.


JM, lingsir wêngi, 24324

           ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


sórógan jarwånan,

Tenang dan sabarlah, wahai jiwaku,

tahan derita, jangan mengeluh.

Serahkan sajalah pada Tuhanmu.

Segala duka yang menimpamu.

Allah setia, tak mengecewakan

yang di naungan-Nya ingin berteduh.


Tenang dan sabarlah, wahai jiwaku,

biarkan Tuhan yang memimpinmu.

Sebab digenggam Allah masa lampau,

dikendalikan masa depanmu.

Gelombang dahsyat takkan menerpamu,

kar'na di bawah kuasa Tuhanmu.


Tenang dan sabarlah, wahai jiwaku,

bila berpulang sobat terdekat

yang sedang dirundung oleh kesedihan,

Tuhan mengangkat duka yang berat.

Kasih karunia akan kauterima

dari Tuhanmu, Sumber Alhayat.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN