NGUBER-UBER PANGKAT LAN KALENGGAHAN

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0Mttrfy2nYSYLk4mi7BYMWsHjXGNBVhUhfHCc4mDR4dp2UCRkhj2rzExbYPjxmkm7l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Pangkat lan kalenggahan mujudake sapasang kang dadi incerane wong akeh. Kenapa mangkono? Iya, jalaran pangkat lan kalenggahan mujudake sapasang kemajuan sukses sing diuber-uber datan maelu apa bae carane, embuh iku lumrah embuh iku nekad nerjang tatanan urip bebrayan ing tengahing masarakat.


Kawusanan sing dumadi saka kahanan nguber-uber pangkat lan kalenggahan mau bisa andadekake rame lan ribut nganti congkrah ing kekadangan. Kadhang lamun ana pamong utawa pandheganing praja kang nduweni napsu marang kalenggahan kang disandhang nganti dheweke ora lila lan ora sanggup diganti/dilengser pindhah tugase, malah ana sing ora trima yen kalah ing tetandhingan anggone rebut pangkat lan kalenggahan mau.


Akeh pangageng/pamong ing pamarentahan ngupaya mati-matian nggondheli pangkat lan kalenggahan klawan cara ngagul-agulke dhiri yen jare kang apik dhewe nganti tega njegal lan ngeblegake wong liya. Cara-cara mangkono mujudake cara kasakrahan kadonyan.


Aja nganti kita nguber-uber kalenggahan kanthi napsu srakah lan gumunggung. Aja nganti kita nutup-nutupi napsu mring kalenggahan dibungkus lan sinamun nganggo ndudut ayat-ayat pangandikane Gusti, iku bisa kaarani lelamisan sumuci-suci. Malah wusanane, yen nemoni kegagalan apa kang sinedya banjur bisa dadi linglung (stres) kedawa-dawa sajak kaya wus ora duwe pengarepan urip maneh. Lha ya ora maido, wong wus kebacut cucul ragad saambreg-ambreg sidane wurung.. heeemm đŸ«Ą


Kita pracaya, dene Gusti Allah piyambak kang sinung nugraha kalenggahan lan pangkat mau awit pancen kinarsakake dening Gusti. Ya kaya mangkono iku kita patut muji sokur jroning kalbu lila lan legawa sawanci-wanci kapundhut kalenggahan iku. Patrap sabar, sareh lan pasrah klawan sumelehing ati iku kang dadi andhelane wong pracaya marang ka-Agungane Gusti Kang Maha Kawasa.


Mugya rahayu kang tinemu,

bagas saras kang linaras,

sarwa ayem kang agawe tentrem.

Gusti amberkahi... Amin Aminn 🙏🙏


JM, sirep bocah, 6324

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN