PRATELAN TEMBUNG 'TEHNOLOGI' ing TATA TULIS LATIN BASA JAWA

    kapacak ugi ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid0VKQjppdUoc1xCJ7Cqexi4kPviR6aahk7tbmb9m8XVA8SPLbMRrvUcxP1qDnNbE8Bl/?mibextid=Nif5oz

Para sutresna gegladhen basa Jawi ing pundi kemawon lenggahipun/dunungipun, kepareng kula badhe atur pamanggih ingkang bokbilih pun anggep kirang misra. 

Kula badhe nyobi ngrembag bab #'tehnologi'. Sacara umum, 'tehnologi' suwaunipun anggadhahi teges ingkang prasaja/ringkes inggih punika arupi gagasan, pamikiranipun tetiyang menggahing tata cara ngelmu tartamtu kang saged damel nggampilaken pakaryan kang saged murakabi kangge tetiyang puntampi lan punakeni dening tiyang kathah.


Dene danguning dangu, samangke ing jaman sarwa majeng tembung tehnologi sumrambah ing sadhengah babagan ing pagesangan manungsa. Saya malih ing samangke punika karana kemajengan 'tehnologi informasi' ngelmu kawruh (ilmu pengetahuan) punapa kemawon saged sumebar ing saindhenging jagad raya. Klebet ugi kawruh bab tata-cara panulisan basa Jawi mawi aksara latin awujud #'bausastra'.

Bausastra punika ingkang mujudaken asil tehnologi saking gagasan-gagasan, pamikiran-pamikiran para winasis panulisan basa Jawi mawi aksara latin.

Bausastra dipuntegesi seratan kang ngemot tegesing tetembungan.


Ing jaman rumiyinnipun bausastra taksih awis punprangguli dening sabarang tiyang, awit taksih awujud buku wedalan/pangecapan ingkang awis lan boten kathah sebaranipun namung mligi ing gegolongan, kambengan (kalangan) tartamtu kemawon.


Dene ing jaman samangke krana kemajengan IT (Informasi Tehnologi) Bausastra saged sumebar lan gampil punpadosi mawi ingkang naminipun 'mesin pencari' (search engine) ingkang kondhang 'google search' utawi gampilipun nami mbah gugel. Lumantar tehnologi mbah gugel kita saged madosi tembung ingkang kita pikajengaken.


Makaten ugi kita saged madosi bausastra mawi ngetik ing mbah gogel tembung https://www.sastra.org/leksikon 

Sasampunipun kita nunul cantholan (tautan/links) kasebat medal kaca (halaman) Leksikon lan ing kothak 'Cari' kita ketik tembung ingkang kita padosi, badhe medal tembung kalawau miturut bausastra werni-werni riptanipun para nimpuna lan ahli basa sastra ingkang sampun kondhang, kadosta "Poerwadharminta, Padmosusastra, Wojowasta ugi kamus Javaansch Walandi lss."


Sumangga menawi badhe pun cobi, kagem para kadang ingkang taksih rangu menawi manggihi satunggaling tembung

upaminipun tembung 'gladhen' ingkang saking tembung lingga 'gladhi' pun ketik lajeng badhe medal tembung gladhi werni-werni sumberipun saking bausastra. Ing ngriku saged pun mangertosi tembung ingkang leres panulisanipun klebet tetembungan dhangdut koplo leres punapa boten panyeratanipun, tuladhanipun tembung 'kulo' pun ketik ing kothak 'cari' boten badhe medal ateges panulisanipun dereng trep/klentu, lajeng cobi kita ketik 'kula' badhe medal ing ngriku.


Makaten ingkang saged kula aturaken namung sapala ngengingi tembung tehnologi gandhengipun kalihan seratan latin basa Jawi.

Bilih taksih kirang lan boten jangkepipun kula nyuwun pangaksama, saha para winasis sumangga menawi badhe paring wimbuhan pratelan ingkang tundhonipun kangge gegladhen sesarengan kita sadaya....

Nuwun, 


JM, madya raina, 22324

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]



Secara umum, pengertian teknologi adalah ilmu pengetahuan yang didalamnya mempelajari mengenai suatu keterampilan dalam membuat suatu alat, juga metode pengolahan serta ekstraksi dari suatu benda, agar mampu menyelesaikan berbagai permasalahan tertentu serta pekerjaan sehari-hari para manusia pada umumnya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN