TRESNA IKU SEPI ING PAMRIH
Tresna iku sepi pamrih 'wah luber ing budi,
tan gumunggung lembah manah tansah andum berkah.
Tresna iku sabar drana tulus angapura,
tepa slira 'wah jatmika myang lampah utami.
Punggelan ukara kang rinakit ing larikan bait rerepen ing nginggil menika mendah ukara kang ngresepaken, ewa samanten boten gampil cak-cakanipun. Boten sabarang tiyang saged nglampahi kanthi trep.
Menggahing makaten menika mujudaken nut trepsilaning pitutur luhur ingkang lebet magnanipun lamun saged rumesep salebeting driya (tuking pangraos), gumantung jembar ing raos-pangraos tuwin wening ing manah menika piyambak.
Nyumanggakaken! đ
sorogan :
'wah > muwah, miwah = lan
drana, darana = sranta, sareh, sabar temenan
jatmika = tata-trepsila ing tandang tanduk
myang > menyang = karo, tumuju
JM, lingsir-dalu, 13324
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar