Postingan

TULADHANE BOLONGAN TILAS PAKU

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid068uyfAALthKwXg5n3fxEy6jzT9kFR2gX9pSQ5mVd6buHFeRykRmtdeeeSQDxdRFsl/ Kacarita ana bocah kang duweni padadan brangasan gampang nesu lan ngomyang mring kanca-kancane. Dening bapake bocah mau diparingi paku sawungkus. Lo... paku kok diparingke putrane, piye iku nalare?  Bapake ngendika, "Ngger.., yen kowe pinuju nesu, coba tancepna paku iki ing salembar papan iki ya! Saben kowe nesu mring kancamu kudu koktancepke paku ing papan iki!" Si bocah ing dina kapisan wus nancepke paku 10 cacahe. Mengkono saben dina si bocah tansah nancepke paku-paku iku nganti tekan sawijining dina papan iku wus kebak ora bisa ditancepi meneh. Kedadean iku dicritakake marang bapake, "Pak, papan sampun kebak paku, dalem boten saged malih nancepaken pakunipun." Bapake dhawuh, "Saiki jabuten paku-paku mau saka papan iku!" Sawuse si bocah ngrampungake njabuti paku-paku saka papan iku, banjur matur bapake, "Sampu...

BILIH KULÅ MLAMPAH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02NGd6tDdgXiNmP34cjFJhT789brUDMuEN7YsVqH3pjBeSGJCpCirWtXgw8xB33tFVl/ Bilih kulå mlampah ing margining Allah, kulå sèstu ngraõskên bingah. Kulå mantêp èstu, Gusti nuntun tamtu mring tyang kang pitadõs satuhu. Ibå bêgjå kulå, salêbêting ginodhå kiniyatakên dening sabdåNyå. Rinêkså rinimat tan dhawah tan lêsah, awit saking Sih-rahmating Allah. Bilih limêng ing manah, kabidhung ing sêmplah, kulå nilingkên sabdèng Allah. Uwas lan sumêlang wus tamtu sirnå, ugêr pasrah ing trusing driyå. JM, plêthèking suryå, 27722         dening eNPe

NGENDHALENI DHIRI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02pV9uNFtWhkQugGiMQwSRLQPuYLCSz2MFnRMSrXPscHK5WbDiVJyXWLjUf6Z35SqXl/ Kita ora kabeneran bae dadi warganing sawijining nagara. Ing nagara ngendi bae, temtu duweni pemimpin, ana pemimpin kang wicaksana, ana uga pemimpin kang ambek siya. Kita minangka warga nagara diprayogakake mawa jembaring driya dene ananing pemimpin kang madhegani tata kaprajan sawijining nagara iku mujudake wakile Gusti Allah kanggo rakyate. Kepriye kita bisa duweni rasa lila lan legawa manut pangrehe nagara (pamarentah) kang wus kapilih miturut undhang-undhang senadyan bokmenawa ana gesehe kawicaksanan lan aturane asring ora kadya apa kang kita sedya? Kuncine amung ana ing patrap anggon kita bisa ngendhaleni dhiri. Iya.., pangendhalen dhiri iku sing baku kepriye kita bisa jujur lan tulus ngrungokake swaraning ati kanthi pambiji mawa weninging nala ora grusa-grusu. Swaraning ati kang wening iku bisa minangkani Gusti Allah paring p...

PIWALES SAWIJINING KABECIKAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0K1oEJrQ1cgULDT14TXYzx5Kxx4nZWKT3JrJncSSyu8LKXcNwCcBmh96WUJq6nJrql/ Crita iki kedadean taun 1892 ing Universitas Stanford, AS.  Ana mahasiswa (18th) sing lagi ngudi daya kanggo bayar wragad pasinaone kuliah. Dheweke yatim piatu lan ora ngerti kepriye carane oleh dhuwit. Wusanane oleh pamikiran sing elok tenan. Bebarengan karo kancane, dheweke netepake gawe pagelaran (konser) musik ing kampus nedya nglumpukake dhuwit kanggo wragad pasinaone kuliah. Pagelaran kanthi nekakake pianis kondhang ing jamane yaiku Ignacy J Paderewski. Menejer sang pianis njaluk bayaran $2.000. Sawuse padha sarujuk bocah taruna loro mau wiwit tumandang gawe supaya konsere bisa kaleksanan lan sukses. Teka dinane kang karancang, Paderewski sumadya ngayahi konser piano ing Universitas Stanford. Nanging emane, sakarone mahasiswa mau ora bisa adol karcise kaya rancangane. Gunggunge karcis sing bisa kaedol mung $1.600. Ora mai...

SINAWANG KLUWUNG SAWUSE UDAN

Gambar
   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0mNBvJqWukSz6vRip5GV7SefCMkXxJ3MbL6YoTFR4DX4aeaZUGp3EiBnTSiHXny3Rl/ Dalaning urip nora tansah datan limenging pedhut, nanging sihe Gusti sanyata trep ing wancine. Samangsa jumantara tan katon kinemulan mendhung, sadhuwure pinenthang kluwung asih langgeng. Sinawang kluwung sawuse udan kadya teguh ing janji, samangsa ing duhkita angantu kluwung asihe Gusti. Lamun bayubajra anrajangmu, mendhung peteng ndhedhet, udinen kluwung asih sadhuwure mendhung. 'Mejikuhibiniu' warna-warnine, pepindhan tulusing tresna, Gusti wus sinung janji-Ne, sira aywa sumelang! Sinawang kluwung sawuse udan kadya teguh ing janji, samangsa ing duhkita angantu kluwung asihe Gusti. JM, gagat bangun, 15722          dening eNPe

KAMULYAN NINGGALAKE KASANGSARAN

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02dqZauU4yyqq9sbvDo75WuMzkkWSn8cv4Ur4Zxkrmiuohq9o73wMoe6DwCsUw2TXjl/ Ing jaman pageblug (pandhemi) akeh owah-owahan, kita nyumurupi kasangsaran kang nyata. Akeh wong-wong ngalami kelangan sumber panguripan kang njalari kasekengan. Nanging renungan iki ngajak kita ngawuningani anane kasangsaran kang datan katon ing saindhenging ratmaya iki. Wiwitane dosa tumanduk ing donya iki, ora bisa denselaki kadursilan, payudan (paperangan) lan pralaya dumadi ing ngendi-endi. Sadhengah titah kadunungan sarwa kasekengan sesambat lan kasangsaran, urip ing donya iki kadyadene muspra tanpa guna. Ananging, kahanan iku dening Gusti Allah ora kategakake, iku janji-Ne. Ing mengkone nalika Kristus bali rawuh meneh ing donya iki, sakabehe ing ngalam donya iki bakal kaanyarake lan umat kang pracaya sinung kamulyan. Nganti tumeka ing wancine, kita ora bakal tininggalake uleng-ulengan dhewe jalaran Gusti Allah  tansah ...

PANEMBAKAN ING NGAREP KANTOR KECAMATAN PONDOK GEDE (pawarta gonjing/breaking news)

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0CcNAgskVSHkYAVgNfRpk36V7PwYRmYJQ48MuNSUYix9uMJCXt9CKoW57ULZBzHjel/ ** LAPURAN** Dina Selasa, 3 Juli 2022 wanci jam 8 esuk ing ngarep kantor Kecamatan Pondok Gede ana 'Panembakan' dening Brigadir ABD (30th) sabanjure sinebut 'panglaku /panglakon' seksi : 1. Sdr. Joko kribo              2. sdr. Mat congklak              3. sdri. Ana M Panembakan didhorr katujokake mring kenya undangane RCH (25th) sabanjure sinebut 'kurban', gaweanne minangka SPG Susu DANCOW. Urutaning kadadean : 1. Selasa, 3 Juli 2022, kira-kira jam 08.00 si panglakon ngajak si kurban menyang kios HP cedhak kantor Kecamatan Pondokgede. Si panglakon lan kurban nunggang pit montor nopol B XXX WU. 2. Ing kios HP si panglakon ngetoke HP-ne saprelu diserpis. Sawuse iku jam 09.15 panglakon ngajak kurban mampir ing pondokane panglakon, nanging si kurban nampik ajakan mau...

MUKIDI NONTON BESKOP

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02EhodA5ZJzgAFrkjS7nKhPFcCVDNfDqALeRe5AbdqtTdhHfsEz52kNRbYWF8G9a9ol/ (jam 8 esuk ing kantor beskop) (kriing.. kringg..! tilpun ing meja kantor beskop muni) Mukidi : "Halo mas, aku meh takon ya, kapan beskop dibukak?" Tukang jaga : "Jam siji mas!" Mukidi : "Apa bisa bukak jam sanga-nan mas?" Tukang jaga beskop : "Ra bisa mas, biasane bukake jam siji!" Mukidi mung meneng bae, la wetenge wis kroncongan je.... piye jal iki belet pipis sisan... heem Mukidi mbingungi karo mloka-mlaku ora karuan. (jam 11, tilpun kantor bioskop mbengok meneh) Tukang jaga sing lagi sakleran keturon kaget krungu krang kring tilpun. "Sapa kih sing ngganggu ae wong lagi sakliyepan", grundelane Tukang jaga karo ngangkat gagang tilpun. "Halo, jam pira beskope dibukak mas?" keprungu pitakonan ing sabrang tilpun. Tukang jaga :"Sampean sing nilpun mau ya mas? Rak wis ngerti ta yen ...

SAPERANGAN PITUTUR SAPALA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02rv2HZswrxDCyQTXasVy453kLCwkaJGny7GsXKGcb6cYwT4dzNzToYfvkuqRZcTmrl/ Tetembungan iku bisa dadi sumbere kawicaksanan, jerone kaya samodra lan seger kaya ilining kali.                                    Jumbuh karo ukara "Ajining dhiri gumantung ana ing lathi"   Ngemu pitutur, minangka urip ing tengahing bebrayan masarakat, kita kudu bisa lan wicak migunakake tetembung ing pangucap ora prayoga ngumbar pocapan saksenenge dhewe kang tundhone bisa gawe seriking liyan lan wirange awake dhewe. Klebu pranyatan-pranyatan kang kaunggah ing medsos rat-maya. Suwalike, sing sapa bisa ngendhaleni tutur pocapan ing pasrawungan kanthi njaga sopan santun bakal kinajenan dening pakumpulan iku dhewe. Wong sing andhap-asor kinurmatan, nanging wong gemunggung nemu karusakan.   Ngemu pameling, dene solah bawa wong kang sar...

PANGUDARASA

   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1N7XQizvy2/       Kapan bangsaku iki bisa nyawiji gotong royong ambangun praja kang subur?        Saiba yen ta para pandhegane nagari,  para ahli sing misuwur, para tukang ngomong (pengamat politik sing mlebu tipi-tipi), tukang mada lan tukang nacad mring liyan (ya provokator klebu politikus bosok kamangka datan nate aweh pisungsung mring kamajuane bangsa lan nagari iki) wiwit keduwung lan kawiyak pikire saha kabeh bisa nyingkuri adat kang ala nuli dadi pribadi kang luhur bebudene temahan nyawiji gegandhengan tangan cancut taliwanda gotong royong ambangun praja.         Aweh pamikiran-pamikiran kang maedahi samya gotong royong ambangun praja kang gemah ripah loh jinawi tumuju kawulaning nagari adil lan makmur tentrem raharja.         Kaya ngapaa bae saiba dhuwit sing diunthetke tukang unthet (koruptor) bisa bali mring nagara & kawula na...

BEBASAN

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02AAGqVH9XQWywFUNdcZ2q8BJWE5rxs4496JntTvsJ6WTL42msMX7fsWsY6p2CijNHl/ BEBASAN yaiku tetembungan gumathok, ngemu surasa pepindhan kang dipindhanake solah bawa (sikap Ind.). Tuladha : · Njagakake endhoge si blorok, tegese nunggu / ngarep-ngarep samubarang sing durung mesthi. · Anak polah bapa kepradah, tegese wong tuwa nemu reribed kawusanan polahe/tingkahe anake. · Adigang , adigung, adiguna, tegese ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane. · Car-cor kaya kurang janganan, tegese guneman waton metu tanpa dipikir dhisik. · Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot, tegese yen wis tinakdir (jodho), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon (dadi). · Diwenehi ati ngrogoh rempela, tegese nyenyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh. · Durung becus / pecus kaselak besus, tegese durung sembada wis kepengin sing ora-ora. · Emban cindhe emban siladan, tegese siji lan sijine ora padha pangrengkuhe...

AKU SUMEDYA...

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02BKsYqKVR2fdxwCcq1pkdoeBQzP39aexy5Kq8g8B38E4WarNb44bKMmTX1btiBBHXl/ Aku sumedya tetep tulusing ati marga pinracaya kadangku. Aku sumedya tumuju ngener jalaran kadang wus angasihiku. Aku sumedya sanityasa teguh nadyan pepalang gedhe denadhepi. Aku sumedya puguh prakosa marga aku amikani bapang nedya sumimpang. Aku sumedya panggah dadya kadang tumrap kang judheg ing nala. Uga sumedya andum sih kabegjan datan angarep imbal leliron. JM, pajar sidik, 180622         dening eNPe