TULADHANE BOLONGAN TILAS PAKU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid068uyfAALthKwXg5n3fxEy6jzT9kFR2gX9pSQ5mVd6buHFeRykRmtdeeeSQDxdRFsl/
Kacarita ana bocah kang duweni padadan brangasan gampang nesu lan ngomyang mring kanca-kancane. Dening bapake bocah mau diparingi paku sawungkus. Lo... paku kok diparingke putrane, piye iku nalare?
Bapake ngendika, "Ngger.., yen kowe pinuju nesu, coba tancepna paku iki ing salembar papan iki ya! Saben kowe nesu mring kancamu kudu koktancepke paku ing papan iki!"
Si bocah ing dina kapisan wus nancepke paku 10 cacahe. Mengkono saben dina si bocah tansah nancepke paku-paku iku nganti tekan sawijining dina papan iku wus kebak ora bisa ditancepi meneh.
Kedadean iku dicritakake marang bapake, "Pak, papan sampun kebak paku, dalem boten saged malih nancepaken pakunipun."
Bapake dhawuh, "Saiki jabuten paku-paku mau saka papan iku!"
Sawuse si bocah ngrampungake njabuti paku-paku saka papan iku, banjur matur bapake, "Sampun rampung pak."
Bapake njur ngendika, "Iya ngger kowe wus ngrampungke kewajibanmu kanthi bener. Kowe wus bisa ngendhaleni rasa kanepsonmu. Nanging ngertia ngger, kena apa ing papan iki tetep ana bolongan tilas tancepan paku?"
Nuli bapake wiwit paring pratelan mengkene, "Bolongan paku iki kayadene kanepsonmu sing nandhes ing atine wong liya sing kok omyangi/srengeni. Nadyan kowe wus njaluk ngapura ora arep mbaleni meneh, nanging apa pinggete ati bisa mari kanthi rikat?"
Si bocah ndhingkluk mung meneng bae nyoba ngresepake ngendikane bapake.
Eliding tuladha kang bisa kapethik,
tumandang lan pangucap kang linandhesan dening rasa kanepson amung gawe pingget lan nandhesing lara ati mring liyan, senadyan kita wus nembung pangapura. Apa iya kita bisa mesthekake yen pinggete ati mau bisa ilang? bisa bae ora!
Sing prelu dicathet ora kok piye carane wong liya aweh pangapura mring kita. Ananging sing baku piye kita bisa ngendhaleni ambek rasa kanepson (emosi) supaya ora gawe seriking ati. Mbokmenawa ilat sawijining anggane sarira sing ora bisa merjaya wong liya, nanging pangucap saka lambe kita malah bisa mujudake gaman landhep nglarani/nyerikake mring wong liya tanpa kita ngrumangsani.
Paribasane, Ajining Dhiri Dumunung Ana Ing Lathi tegese apa sing kaucap metu saka lambe iku mratandhani sepira cethek-jerone bebudene.
JM, ahad, telung-puluh siji juli'22
dening eNPe
kapendhet lan karingkes saking ratmaya kanthi irah-irahan "LUBANG PAKU"
https://iphincow.com/2022/03/28/lubang-paku/
*Belajar dari LUBANG PAKU*
Kisah inspiratif ini adalah tentang seorang anak yang memiliki kondisi temperamen yang begitu buruk. Lalu ia diberikan sebungkus paku yang dari ayahnya. Ayahnya berkata jika anak tersebut sedang dalam kondisi marah ia harus memukul paku ke sebuah papan.
Hari pertama ia menancapkan paku sebanyak 10. Namun seiring berjalannya waktu paku yang ia tancapkan ke papan mulai berkurang. Hingga pada suatu waktu ia berhasil tidak menancapkan paku ke papan.
Keberhasilan yang ia lakukan diceritakan kepada ayahnya. Sang ayahnya mulai memberikan perintah kembali untuk mencabut semua paku yang ia tancapkan di papan sebelumnya. Lalu ketika anak tersebut telah menyelesaikan tugasnya, ia kembali menceritakan kepada ayahnya.
Lalu ayahnya mengajaknya keluar untuk melihat pagar tersebut dan berkata “bagus nak kamu sudah menyelesaikan tugasmu dengan baik. Kamu sudah berhasil menguasai rasa amarahmu juga. Tapi bagaimana dengan papan tersebut masih tetap ada lubang yang tersisa dari tancapan paku itu?” Tanya sang ayah kepada anak.
Lalu ayah tersebut mulai memberikan penjelasan singkat dengan berkata “lubang paku ini seperti amarah yang kau lontarkan kepada orang lain nak. Mungkin kau berhasil meminta maaf kepadanya dan tak akan mengulanginya. Namun apakah luka yang akan mereka terima bisa dengan cepat sembuh?” Ucap ayah tersebut.
Dari cerita tersebut kita bisa belajar jika ucapan dan tindakan yang didasari oleh rasa amarah hanyalah akan memberikan bekas luka kepada orang lain. Meski mereka memberikan ucapan maaf kepada kita ketika permintaan maaf kita lontarkan.
Namun apakah kita bisa menjamin luka yang mereka rasakan dari ucapan atau tindakan yang kita lakukan atas dasar amarah bisa sembuh, mungkin tidak!
Bukan bagaimana cara mereka memberikan ucapan pengampunan kepada kita.
Tapi bagaimana kita mengendalikan emosi hingga tak menyakiti orang lain. Mungkin lidah adalah salah satu bagian tubuh yang terbilang tidak membunuh orang lain. Akan tetapi ucapan yang keluar dari mulut kita terkadang adalah salah satu senjata yang menyakiti orang lain tanpa kita sadari.
Komentar
Posting Komentar