SAPERANGAN PITUTUR SAPALA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02rv2HZswrxDCyQTXasVy453kLCwkaJGny7GsXKGcb6cYwT4dzNzToYfvkuqRZcTmrl/


Tetembungan iku bisa dadi sumbere kawicaksanan, jerone kaya samodra lan seger kaya ilining kali.                                    Jumbuh karo ukara "Ajining dhiri gumantung ana ing lathi"

  Ngemu pitutur, minangka urip ing tengahing bebrayan masarakat, kita kudu bisa lan wicak migunakake tetembung ing pangucap ora prayoga ngumbar pocapan saksenenge dhewe kang tundhone bisa gawe seriking liyan lan wirange awake dhewe. Klebu pranyatan-pranyatan kang kaunggah ing medsos rat-maya. Suwalike, sing sapa bisa ngendhaleni tutur pocapan ing pasrawungan kanthi njaga sopan santun bakal kinajenan dening pakumpulan iku dhewe.


Wong sing andhap-asor kinurmatan, nanging wong gemunggung nemu karusakan.

  Ngemu pameling, dene solah bawa wong kang sarwa prasaja temen lan jujur ing tandang gawe iku bakal pikoleh ganjaran kinajenan dening liyan. Ewa samono kosok baline wong kang ngatonake sarwa umuk solah bawane tiba bilai gawe kapitunane dhewe awit wusanane antuk sesengitane wong liya dalah masarakat liyane.


Ora prayoga mbenerake wong salah lan nyalahake sing bener ana ing pangadilan.

  Kira-kira yen dionceki tuladhane, wus dadi padadan dene pangadilane manungsa akeh sing ora miturut rasa kaadilane masarakat, seksi-seksi palsu asring dumadi ing gumelare pangadilan kang gawe kapitunan sikurban. Dene kang merkarakake bisa menang awit duwe pambela kang bisa ngrekadaya menang.


Sugeng siang para sutresna PBJ 👏

mudya sarwa rahayu kang pinanggih, Gusti amberkahi... Amin 🙏


JM, madya raina, 030722

      dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN