KAMULYAN NINGGALAKE KASANGSARAN

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02dqZauU4yyqq9sbvDo75WuMzkkWSn8cv4Ur4Zxkrmiuohq9o73wMoe6DwCsUw2TXjl/


Ing jaman pageblug (pandhemi) akeh owah-owahan, kita nyumurupi kasangsaran kang nyata. Akeh wong-wong ngalami kelangan sumber panguripan kang njalari kasekengan. Nanging renungan iki ngajak kita ngawuningani anane kasangsaran kang datan katon ing saindhenging ratmaya iki.


Wiwitane dosa tumanduk ing donya iki, ora bisa denselaki kadursilan, payudan (paperangan) lan pralaya dumadi ing ngendi-endi. Sadhengah titah kadunungan sarwa kasekengan sesambat lan kasangsaran, urip ing donya iki kadyadene muspra tanpa guna.


Ananging, kahanan iku dening Gusti Allah ora kategakake, iku janji-Ne. Ing mengkone nalika Kristus bali rawuh meneh ing donya iki, sakabehe ing ngalam donya iki bakal kaanyarake lan umat kang pracaya sinung kamulyan. Nganti tumeka ing wancine, kita ora bakal tininggalake uleng-ulengan dhewe jalaran Gusti Allah  tansah amengku dalah anganthi lan mitulungi kita.


Bab iki ngelingake kita mring sejarah uriping manungsa. Kasangsaran jroning jaman pageblug wektu samengko iki mujudake saperangan cilik kasangsaran kang nguwasani donya ewonan taun kapungkur. Dudu virus, payudan utawa mundure kahanan ekonomi kang njalari sumbering kasangsaran iku, ananging marga dosa. Ya!.., salawase dosa isih nguwasani lan dedunung ing donya iki, salawase uga kasangsaran ngambra-ambra, laku bedhang, korupsi, cecongkrahan rebutan palungguhan, panguwasan mring sumber-sumber ekonomi utama nganti reregan kabutuhan pokok nangkring dhuwur lsp lsp.


Puji sokur, Kristus wus ngalahake kuwasa dosa, mulane ana pengarepan kanggo umat kang pracaya ing wancine mengko virus, paperangan lan paceklik bakal sirna. Ana kamulyan ninggalake kasangsaran, ana kluwung sawuse udan, prahara iya bayubajra bakal sumilak. 


Mulane, ewonan rasa pamatur nuwun durung cukup kanggo muji sokur marang Gusti Allah. Kita sayogya ngrepekake kekidungan puji-pujian keagungan Asma-Ne konjuk Gusti ing sawanci-wanci, dene samubarang rancangan-Ne endah lan agawe kabecikan mring urip kita.. Amin 🙏

kpka 23:1

Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi,

sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi,

abot entheng datan ngresula leladi kang trusing driya,

wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.


Sugeng ngibadah dinten Minggu, mugi sih katentreman rahayu ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah rumentah mring kita sadaya... Amin Amiin 🙏🙏 Gusti amberkahi! 👏


JM, minggu enjing, 10722

       dening eNPe


Kemuliaan Setelah Penderitaan 


Pada zaman pandemi ini banyak perubahan, kita menyaksikan penderitaan yang nyata. Banyak orang mengalami kehilangan dan kekurangan. Namun, renungan ini mengajak kita untuk menyadari sebuah penderitaan lain yang tak kasatmata di seluruh dunia.


Semenjak dosa merambah ke dalam dunia, ada kejahatan, perang, dan kematian di mana-mana. Semua makhluk merasakan kehilangan dan kekurangan. Seluruh ciptaan menderita dan mengerang kesakitan. Hidup di dunia seolah-olah merupakan sebuah kesia-siaan belaka. 


Namun, keadaan itu tidak akan dibiarkan Allah untuk selamanya, itu janji-Nya. Ketika Kristus datang kembali nanti, seluruh dunia akan diperbarui dan orang-orang percaya dimuliakan. Sampai pada waktu itu, kita tidak ditinggalkan bergumul sendirian sebab Allah menyertai dan menolong kita.


Hal ini mengingatkan kita akan posisi kita di dalam sejarah manusia. Penderitaan dalam zaman pandemi saat ini merupakan bagian kecil dari penderitaan yang telah menguasai dunia selama beribu-ribu tahun. Namun, bukan virus, perang, atau krisis ekonomi yang menjadi akar dari penderitaan itu, melainkan dosa. Ya! selama dosa masih ada di dunia, selama itu pula penderitaan merajalela, pelecehan seksual, korupsi, perseteruan perebutan kekuasaan, penguasaan sektor ekonomi tertentu hingga harga2 kebutuhan pokok mencekik dsb dsb.


Syukur, Kristus telah menghancurkan kuasa dosa. Maka, ada pengharapan bagi kita yang percaya kepada-Nya. Suatu hari nanti virus, perang, dan krisis akan berakhir karena kuasa dosa telah dihancurkan. Ada kemuliaan setelah penderitaan, ada pelangi sehabis hujan, badai pasti berlalu.


Maka, seribu kali terima kasih rasanya tidak cukup untuk mewakili syukur kita kepada Allah. Kita patut bernyanyi dan memuji-muji Tuhan dalam segala kesempatan. Segala rencana-Nya indah dan semata-mata mendatangkan kebaikan selama kita hidup di dunia.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN