MUKIDI NONTON BESKOP

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02EhodA5ZJzgAFrkjS7nKhPFcCVDNfDqALeRe5AbdqtTdhHfsEz52kNRbYWF8G9a9ol/


(jam 8 esuk ing kantor beskop)


(kriing.. kringg..! tilpun ing meja kantor beskop muni)


Mukidi : "Halo mas, aku meh takon ya, kapan beskop dibukak?"


Tukang jaga : "Jam siji mas!"


Mukidi : "Apa bisa bukak jam sanga-nan mas?"


Tukang jaga beskop : "Ra bisa mas, biasane bukake jam siji!"


Mukidi mung meneng bae, la wetenge wis kroncongan je.... piye jal iki belet pipis sisan... heem Mukidi mbingungi karo mloka-mlaku ora karuan.


(jam 11, tilpun kantor bioskop mbengok meneh)


Tukang jaga sing lagi sakleran keturon kaget krungu krang kring tilpun.

"Sapa kih sing ngganggu ae wong lagi sakliyepan", grundelane Tukang jaga karo ngangkat gagang tilpun.

"Halo, jam pira beskope dibukak mas?" keprungu pitakonan ing sabrang tilpun.


Tukang jaga :"Sampean sing nilpun mau ya mas? Rak wis ngerti ta yen beskop bukake jam siji!".


Mukidi : "Jam rolas bisa ora mas?"


Tukang jaga karo jengkel mangsuli : "Ra bisa! encene beskop iki beskope mbahmu mukiyo pa!"


Mukidi : "Ya wis nganyang sithik ya, ra papa wis maju setengah siji wae ya mas, tulung kih aku selak kebelet!.."


"eee... bocah iki isih ngeyel" gremengane si Tukang jaga beskop, "Sakjane kowe kih arep nonton pilem apa ta, kok tilpun terus tur ngeyel?" 


Karo nangis Mukidi mangsuli : "Aku iki sakjane isih nang njero beskop mas, dhek bengi pas nonton pilem aku keturon. Tulung mas bukakke lawange. Aku pingin mulih, wetengku ngelih kebelet pipis kih... huhuhuuu.."😢😢😭


"Woww... Mukidi Mukidi..., kenapa kowe ora ngomong kawit mau?!"...ngono saute siTukang Jaga beskop.


Ha hahaaa...😆😆🤣🤣🤪... tobil tobil.!!., dhasar Mukidi bocah mbeling ora kayit lan sembrana sapari-polahe.....cihuiie!🤪😜

  hehehe... ayo mesem meneh! ning jok mesam-mesem dhewe lho... 🤪😜


JM, parak esuk, 050722

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN