SINAWANG KLUWUNG SAWUSE UDAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0mNBvJqWukSz6vRip5GV7SefCMkXxJ3MbL6YoTFR4DX4aeaZUGp3EiBnTSiHXny3Rl/


Dalaning urip nora tansah datan limenging pedhut,

nanging sihe Gusti sanyata trep ing wancine.

Samangsa jumantara tan katon kinemulan mendhung,

sadhuwure pinenthang kluwung asih langgeng.


Sinawang kluwung sawuse udan kadya teguh ing janji,

samangsa ing duhkita angantu kluwung asihe Gusti.


Lamun bayubajra anrajangmu, mendhung peteng ndhedhet,

udinen kluwung asih sadhuwure mendhung.

'Mejikuhibiniu' warna-warnine, pepindhan tulusing tresna,

Gusti wus sinung janji-Ne, sira aywa sumelang!


Sinawang kluwung sawuse udan kadya teguh ing janji,

samangsa ing duhkita angantu kluwung asihe Gusti.


JM, gagat bangun, 15722

         dening eNPe




Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN