BILIH KULÅ MLAMPAH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02NGd6tDdgXiNmP34cjFJhT789brUDMuEN7YsVqH3pjBeSGJCpCirWtXgw8xB33tFVl/
Bilih kulå mlampah ing margining Allah,
kulå sèstu ngraõskên bingah.
Kulå mantêp èstu, Gusti nuntun tamtu
mring tyang kang pitadõs satuhu.
Ibå bêgjå kulå, salêbêting ginodhå
kiniyatakên dening sabdåNyå.
Rinêkså rinimat tan dhawah tan lêsah,
awit saking Sih-rahmating Allah.
Bilih limêng ing manah, kabidhung ing sêmplah,
kulå nilingkên sabdèng Allah.
Uwas lan sumêlang wus tamtu sirnå,
ugêr pasrah ing trusing driyå.
JM, plêthèking suryå, 27722
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar