NGENDHALENI DHIRI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02pV9uNFtWhkQugGiMQwSRLQPuYLCSz2MFnRMSrXPscHK5WbDiVJyXWLjUf6Z35SqXl/
Kita ora kabeneran bae dadi warganing sawijining nagara. Ing nagara ngendi bae, temtu duweni pemimpin, ana pemimpin kang wicaksana, ana uga pemimpin kang ambek siya. Kita minangka warga nagara diprayogakake mawa jembaring driya dene ananing pemimpin kang madhegani tata kaprajan sawijining nagara iku mujudake wakile Gusti Allah kanggo rakyate.
Kepriye kita bisa duweni rasa lila lan legawa manut pangrehe nagara (pamarentah) kang wus kapilih miturut undhang-undhang senadyan bokmenawa ana gesehe kawicaksanan lan aturane asring ora kadya apa kang kita sedya? Kuncine amung ana ing patrap anggon kita bisa ngendhaleni dhiri.
Iya.., pangendhalen dhiri iku sing baku kepriye kita bisa jujur lan tulus ngrungokake swaraning ati kanthi pambiji mawa weninging nala ora grusa-grusu.
Swaraning ati kang wening iku bisa minangkani Gusti Allah paring panuntun sacara pribadi, kita kasinungan kawicaksanan mapanake awake dhewe, ngukur dhiri, lan nyumurupi kalungguhan dhiri. Krana mangkono kita sangsaya wicak jroning ngayahi darmaning urip lan ndarbeni wewenang (hak) kita ing tengahing kulawarga lan nagara kanthi mituhu paugeran.
Minangka pribadi kang angasihi Gusti Allah, kita wajib nuhoni lan aweh panjurung mring pamarentah, kayadene bayar pajeg ing wektune iku mujudake pamituhu kang gampang dhewe. Kita sayogya urmat mring pamarentah ing tingkatan endhek dhewe (pamrentah dhaerah) nganti tumekane ing tingkatan dhuwur dhewe (pamarentah pusat). Kabeh mau adhedhasar tatanan kaprajan ing sawijining nagara miturut pranataning undhang-undhang.
Eling.., ora ana pamarentah kang sampurna. Kita amung kaprayogakake ngajeni lan nampa pangrehing praja minangka wakiling Gusti kang rancangan-Ne tansah sampurna ing tembe wektu-Ne.
JM, dungkap enjing, 25722
dening eNPe
pratelane ing basa Indonesia :
MENGENDALIKAN DHIRI
Tidaklah secara kebetulan kita berada dalam sebuah negara. Di negara mana pun, tentu ada yang menjadi pemimpin. Ada pemimpin yang bijaksana, ada pula pemimpin yang kejam. Dalam hal pemimpin, kita diminta untuk merespons dengan kesadaran penuh bahwa kehadiran pemimpin adalah perwakilan Tuhan untuk rakyatnya.
Bagaimana kita dapat memiliki kerelaan untuk tunduk kepada pemerintah sekalipun kebijakan dan aturannya sering kali tak sesuai harapan? Kuncinya ada dalam hal mengendalikan/menaklukkan diri. Penaklukan diri adalah kemampuan terbesar untuk 'menghidupkan suara hati'. Saat hal itu terjadi barulah kita bisa menilai diri dengan jernih.
Suara hati adalah tempat Allah mengajar kita secara pribadi, kita dimampukan untuk bijaksana dalam menempatkan diri, mengukur diri, dan memahami kapasitas diri. Kita pun menjadi makin bijak dalam menjalankan hak dan kewajiban kita, baik di dalam keluarga maupun dalam hidup bermasyarakat dan bernegara.
Sebagai pribadi yang mengasihi Allah, kita diminta untuk secara bijak berkontribusi terhadap pemerintah. Misalnya adalah dengan membayar pajak dan cukai tepat waktu, hal itu merupakan ukuran kepatuhan yang paling sederhana. Kita pun dapat menghormati pemerintah, mulai dari tingkat yang terendah sampai tingkat yang tertinggi.
Tak ada pemerintah yang sempurna. Kita hanya diminta menghargai dan menerima mereka sebagai wakil Allah yang rencana-Nya selalu sempurna pada waktu-Nya.
Komentar
Posting Komentar