PANGUDARASA

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0s5JUnjxm4QrsX768ruBVxvjS5GnCZiV8JLw8r8Vu4LiF6Cq3dxkkRRAyehbD5FhFl/

      

Kapan bangsaku iki bisa nyawiji gotong royong ambangun praja kang subur?

      

Saiba yen ta para pandhegane nagari,  para ahli sing misuwur, para tukang ngomong (pengamat politik sing mlebu tipi-tipi), tukang mada lan tukang nacad mring liyan (ya provokator klebu politikus bosok kamangka datan nate aweh pisungsung mring kamajuane bangsa lan nagari iki) wiwit keduwung lan kawiyak pikire saha kabeh bisa nyingkuri adat kang ala nuli dadi pribadi kang luhur bebudene temahan nyawiji gegandhengan tangan cancut taliwanda gotong royong ambangun praja.

       

Aweh pamikiran-pamikiran kang maedahi samya gotong royong ambangun praja kang gemah ripah loh jinawi tumuju kawulaning nagari adil lan makmur tentrem raharja.

       

Kaya ngapaa bae saiba dhuwit sing diunthetke tukang unthet (koruptor) bisa bali mring nagara & kawula nagari, nagara bakal bisa aweh pawiyatan/pendhidhikan lan usada/kesehatan gratis nyawisake papan(omah) lan pangupa jiwa(gawean) mring pra warganing bangsa.

        

Oh pra mitra lan kadangku kabeh singkuren olehmu regejegan padudon rebut kursi (sing tansah katiti sarwa ribut bae ngarepake pemilu/pilkada), nyawijia, aja kablenggu ing golongan lan partaimu, aja seneng nacad mring liyan, gawe pitenah lan tukang ngojok-ojoki amrih congkrahing paseduluran.

       

Ayo ninggala adat kabiasan ala mau!…

       

Sayuk-sayuk rukun bebarengan ‘ro kancane ngayahi karyane praja kanggo mulyaning nagara

      

siji . . . (loro), telu . . . (papat) mlaku gegandhengan diulang-ulungake mesthi enggal rampunge.

        

  rinonce dening eNPe 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN