REBAT PANGUWAOS

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0yVb8KzW3iwDTxesbniEUjdV9TqRFTEP8Qmb2px6YhptajJBihLJQEELggZAeQSNMl/


Bilai tiyang ingkang samidene ngrancang-ngrancang duraka, tuwin ngrantam-rantam piawon wonten ing batosipun; sarta tumanduk ingkang boten elok nerak tata sopan bebrayan kaprajan punapadene kanegaran.


Amargi prakawis punika jalaranipun nggadhahi raos melik minangka jejering panguwaos, dalah lajeng ngupados ngrebat/ngrayah klawan nyebar pitenah damel wirangipun panguwaos ingkang taksih katetepaken kalenggahanipun, ngrancang roda-peksa mawi cara nedya bebujuk saperangan tiyang adamel rusuh.


Emut! lamun Gusti Allah boten sare sarta boten badhe negakaken bangsa kagunganipun dipunobrak-abrik karukunanipun dening tiyang-tiyang kados makaten. 

Dene sampun kaserat ing Kitab Suci, Mikha 2:3,  "Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang wong-wong iki, lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku, sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh, marga wektu iku wektu kang nyilakani."


Para kadang sutresna sumangga sami ndongakaken mugi-mugi ing titi wanci ingkang karancang wau boten kaleksanan, sadaya saged wurung amargi kita pitados dene samya mratobat awit pakaryanipun Gusti piyambak tiyang-tiyang wau dipunparingi kawiyak manahipun dumados raos kaduwung. Salajengipun sadaya wangsul samidene anyengkuyung guyub rukun gegandhengan asta ambangun praja murih mulyaning nagara dalahan karaharjaning bangsa.


JM, sirep jalma, 050622

        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN