GURIT RIDWAN KAMIL -sumedhot pangrasaning nala-

     kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02TjJfAuRf58KCWyYxACdHnHAEBTcq5vUo7WnrhPc4cakBTc9wVTZsfXmryscaL3AYl/


Hai.. kali AERE !..,


Padha dene titahe Allah SWT, dak titipake layon anakku marang sliramu.

Wus dak giyarake Adan becik dhewe ing tepising bambingmu..


Bageya dheweke jroning kaelokanmu,

kinemulana ing kaangetanmu.


Wengkonana dheweke ing kumluhuranmu,

sucenana ing wening tirta ilen-ilenanmu.


Donga-dongaku dadya cahyaning pepadhang layon sahid ing dhasaring ilen-ilenanmu.


AERE !.., kowe wus tinakdir dadya lumantaring berkah umarek ing pangayunane Allah SWT kang kagungan pangayom sejati.


Netepana janji marang aku, hai.. kali AERE !...


JM, madya raina, 080622

  rinakit dening eNPe


anggitane Ridwan Kamil kadudud saka 

https://www.cnbcindonesia.com/news/20220605064651-4-344405/dinyatakan-meninggal-ini-puisi-haru-ridwan-kamil-untuk-eril?_gl=1*g9sndd*_ga*dHlEN0NydDBfNS1ESDM1UjBqR1NPVWVCb1ZxdnNFUXB6Q09pTWNrekJUTmhlMWJ0MDl4LXBqRTVyX0ZDdUM1LQ..,

 (ndherek prihatin lan belasungkawa)😭😭


Puisi berisi doa yang ditulis Ridwan Kamil


Wahai Sungai Aare!..


Sebagai sesama makhluk Allah SWT, aku titipkan jasad anak kami kepadamu.

Sudah kukumandangkan adzan terbaikku di tepi batasmu..


Bahagiakan dia dalam keindahanmu.

Selimuti dia dalam kehangatanmu.


Lindungi dia dalam kemegahanmu.

Sucikan dia dalam kejernihanmu.


Jadikan doa-doa kami menjadi cahaya penerang jasad syahidnya di dasarmu.


Engkau sudah ditakdirkan sebagai tempat terindah dan terbaik baginya untuk bertemu dengan pemilik dan pelindung sejatinya, Allah SWT.


Berjanjilah padaku, wahai Sungai Aare!...

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN