RANCANGAN GUSTI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02y768G5Zugwkk5vBPXG3zJt5TaXfeyXEPjcGStkjnymdH2uxwr7WhKeZ38SMpLTMKl/


Rancangan Gusti jroning uripku

datan uninga kang dakrasa

nadyan lengkara saka kang kinesdu

rancangane Gusti becik samya


Nugrahaning Gusti mring pandongaku

sarwa endah ing wasana

nadyan suwe ing pangantuku

rancangane Gusti becik samya


Pakaryane Gusti jroning uripku

rahayu kang denpracaya

wilujeng tansah kang tinemu

rancangane Gusti becik samya


JM, lingsir wengi, 030622

   rinakit dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN