GESANG SARWA PRASAJA ING PADHUSUNAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02aeDXkbycdiM8MnbBrVSsxz53YDeJxNn7XAzN7tQPKqYn881d35wrd7aVpz5U7vHLl/


Duk samanten ing jaman ingkang sampun kapengker gesang ing padhusunan padatan samidene kebak raos ayem tentrem. Pendhak enjing para kadang ngayahi pedamelan piyambak-piyambak ingkang sarwa prasaja.


Ing lurung pojok dhusun pak Carik katingal nembe glendhah-glendheh lon-lonan.

",pak Carik !.., sampun badhe ngglidhig napa... kok enjing sanget?", sapa aruhipun kang Gito.

"Iya kih kang, ana gawean sing kudu enggal dak rampungke", wangsulanipun pak Carik sajak kesesa nglajengaken tindakipun. 

Makaten ugi kang Gito ingkang kajibah nggarap sabin bengkokipun pak Lurah gegancangan dhateng sabin nedya mriksa ilen-ilen toya saking lepen pinggir dhusun.


Kala dalu sajak jawah radi deres, kang Gito kuwatos menawi galenganipun wonten ingkang jebol. Ing sabin pinanggih kaliyan kang Karyo dalah kadang tani sanesipun.


"Piye kang Karyo, apa ana galengane sing rusak?", pitakenipun kang Gito.

"Ora!..., ora ana kang! aman-aman bae!", wangsulanipun kang Karyo kandheg sawetawis anggenipun reresik larahan ron-ronan tilas keli deresipun toya wau dalu kaliyan njabuti rumput.

"Oo.. ya sokur, yen ngono aku dak mbacutke menyang sawah garapanku ya..", kang Gito nyukani wangsulan kaliyan nglajengaken lampah.

"Oo... mangga mangga.. ngati-ati kang",  sumauripun kang Karyo.


Kawontenan kados makaten saben enjing sinawang damel tentrem, saya malih kepireng ura-ura para kadang tani kairing cecruwit ocehan prenjak dalah peksi sanesipun. Tebih saking ombyaking tetumpakan sarta bledug lan keluk bucalan pit-montor lan pabrik-pabrik.


Sugeng enjing para kadang sumangga samya nglajengaken darmaning agesang piyambak-piyambak mugi pinanggih sarwa rahayu tansah winengku ing Gusti Kang Maha Agung.

Nuwun 👏


JM, pajar sidik, 100622

      dening eNPe



Dalam bahasa Indonesia kira2 demikian :

Dakala jaman dulu hidup di pedesaan umumnya  suasanya damai & tentram. Saudara2 kita setiap pagi melaksanakan tugasnya masing2 yg serba sederhana.

Di lorong pojok desa, nampak pak Carik berjalan santai.
"..,pak Carik sudah mau kerja ya, kok pagi2 benar!..", tegur sapanya kang Gito.
"Oo.. ya ya.., ini ada kerjaan yg harus kuselesaikan ", jawab pak Carik nampak buru2 neruskan langkah.
Deikian juga kang Gito yang bertugas menggarap sawah bengkoknya pak Lurah segera ke sawah ingin mriksa aliran airnya dari sungai pinggir desa.

Tadi malam nampaknya hujannya cukup deras, kang Gito kawatir ada tanggul-tanggul yang jebol. Di sawah kang Gito ketemu kang Karyo dan saudara2 tani lainnya.

"Gimana kang Karyo.., apa ada tanggul yang rusak?", tanya kang Gito.
"Tidak!.. tidak ada kang, aman2 aja!", jawab kang Karyo berhenti sejenak membersihkan sampah2 bekas terbawanya arus deras air tadi malam sambil mencabuti rumput2an.
"Oo.. ya syukur kalau gitu, saya lanjut ke sawah ya!", lanjut kang Gito.
"Oo ya ya.., silahkan!... hati-hati kang", teriak kang Karyo.

Suasana seperti itu setiap paginya terlihat tentram, apalagi terdengar tembang senandung oleh saudara2 tani diiringi ocehan prenjak dan burung2 lainnya. Suasana jauh dari hiruk pikuknya kendaraan dan debu serta asap sepeda motor dan pabrik.

Selamat pagi Saudara2ku, mari kita sama2 melanjutkan kuwajiban kita masing2 semoga menerima berkah dan keselamatan dari Tuhan Yang Maha Agung.

Terima kasih 👏



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN