BEBASAN
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02AAGqVH9XQWywFUNdcZ2q8BJWE5rxs4496JntTvsJ6WTL42msMX7fsWsY6p2CijNHl/
BEBASAN yaiku tetembungan gumathok, ngemu surasa pepindhan kang dipindhanake solah bawa (sikap Ind.).
Tuladha :
· Njagakake endhoge si blorok, tegese nunggu / ngarep-ngarep samubarang sing durung mesthi.
· Anak polah bapa kepradah, tegese wong tuwa nemu reribed kawusanan polahe/tingkahe anake.
· Adigang , adigung, adiguna, tegese ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
· Car-cor kaya kurang janganan, tegese guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.
· Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot, tegese yen wis tinakdir (jodho), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon (dadi).
· Diwenehi ati ngrogoh rempela, tegese nyenyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.
· Durung becus / pecus kaselak besus, tegese durung sembada wis kepengin sing ora-ora.
· Emban cindhe emban siladan, tegese siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).
· Embat-embat celarat, tegese nyambut gawe klawan ngati-ati banget.
· Kakehan gludhug kurang udan, tegese akeh omong, nanging ora ana nyatane.
· Keplok ora tombok, tegese melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.
· Kerot ora duwe untu, tegese duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.
· Kriwikan dadi grojogan, tegese prakara cilik dadi gedhe.
· Lambe satumang kari samerang, tegese aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu.
· Nabok nyilih tangan, nindakake panggawean ala sarana kongkonan.
· Ngalem legining gula, tegese nyebut kaluwihane , kapinterane, utawa kasugihane wong.
· Nglungguhi klasa gumelar, tegese kari nemu kepenake, tanpa melu rakasane.
· Nguyahi segara, tegese weweh marang wong sugih, tiwas tuwas.
· Satru mungging cangklakan, tegese mungsuh kang isih sanak sadulur.
· Sembur-sembur adas, siram-siram bayem, tegese bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh.
JM, lingsir wengi, 230622
dening eNPe
(kinlumpukake saka sawernaning cathetan)
Komentar
Posting Komentar