AKU SUMEDYA...

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02BKsYqKVR2fdxwCcq1pkdoeBQzP39aexy5Kq8g8B38E4WarNb44bKMmTX1btiBBHXl/


Aku sumedya tetep tulusing ati

marga pinracaya kadangku.

Aku sumedya tumuju ngener

jalaran kadang wus angasihiku.


Aku sumedya sanityasa teguh

nadyan pepalang gedhe denadhepi.

Aku sumedya puguh prakosa

marga aku amikani bapang nedya sumimpang.


Aku sumedya panggah dadya kadang

tumrap kang judheg ing nala.

Uga sumedya andum sih kabegjan

datan angarep imbal leliron.


JM, pajar sidik, 180622

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN