BALI UMAREK....
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02aUpeDmEPkuTVhsWVt2D7X9RjHBueKYKeSpuoRcCSJ5J8VYi6k38jLtra24RJn1bZl/
Salah sijine bagean lelakone urip manungsa yaiku bali umarek ing pangayunane Gusti Allah,
jejering lelakone ginarising urip kang wus pinesthi dening Gusti Kang Kagungan Gesang.
Kelangan tumrap kang mungkur, winatesan awit sekeng ing kahanan,
kabegjan tumrap kang ginayuh, kasedhihan marang kang ilang,
samubarang iku wus cinawis ing tatanan uriping manungsa.
Sakabehane kang dumadi, ana lan datan ana,
kabeh minangka keparenge, karsane lan panguwaose Gusti Allah.
Panetepaning Gusti Allah mesthi bener anane,
kanggone para titah kang pracaya lan ngastawa,
kang tansah setya anempuh lelakoning urip ing dalan kabeneran,
nedya nampa kang dadi Pinesthine Gusti Allah minangka kang becik dhewe tumrap dhiri pribadi.
(nuladhani saka Kang Emil sakulawarga kang nandhang duhkita awit bali umarek ing pangayunane Gusti, putra kinasihe, ERIL)
JM, sirep bocah, 060622
rinakit dening eNPe
kadudud saka seratane adhimas Bambang Purnama Sekti ing FB
KEMBALI....
Salah satu bagian dari perjalanan hidup manusia adalah kembali kepada Sang Pencipta.
Garis Perjalanan yang telah menjadi
Ketetapan-Nya yang mutlak.
Kehilangan atas kepergian, keterbatasan atas ketiadaan,
kebahagiaan atas pencapaian, kesedihan atas suatu yang hilang,
itu semua ada pada tatanan kehidupan manusia. Segala sesuatu yang terjadi; ada dan tiada, semua atas kehendak dan kuasa Allah SWT.
Ketetapan Allah pastilah benar. Bagi seorang hamba yang takwa,
yang senantiasa setia menempuh perjalanan kehidupan pada jalan kebenaran,
akan menerima Ketetapan-Nya sebagai yang terbaik bagi dirinya.
(Belajar dari Kang Emil sekeluarga atas kembalinya putranda, Eril)
Komentar
Posting Komentar