MUKIDI DUWE CRITA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid0Sc7UtinUW9GgzY56Az4HZPf9toMPre8RJe5yqupvYuGkF5hy9Vdnau5E5DY9YKWGl/
Ana wanita kang lagi ae padudon karo bojone, pengin nangis ing omahe mara tuwa isin, ing omahe dhewe isin merga mbiyen ora direstui wong tuwane.
"Hee... kenapa aku ora kepikiran ya... nangis wae nang Omah Duhkita (rmh duka) bisa nangis sasenengku. Nangis nang kana mesthi ora ana wong sing nggateke lan bingung..", ngono batin atine wanita iku.
Trus dheweke enggal nggoleki nggone pamulasara sawijine mbah akung sing lagi wae tilar donya ing sawijine omah duhkita, nuli jengkeng cedhak pethi layon nangis gero-gero ngwutahke rasa perih atine lan jengkele mring bojone.
Ing sisih pethi layon iku ana wanita loro setengah umur padha pandeng-pandengan lan ngempet alon-alon, "Dhasar tuwa-tuwa bangkotan, jebul isih duwe wanita simpenan nomer 3... huh!" 😜🤪😜
Wanita setengah umur loro-lorone mau padha bisik-bisik, njur nyedhaki wanita sing lagi ngguguk mau lan mapah nggandheng ngadeg karo ngerih-erih,
"Adhik kaping 3 wis menenga ya dhik.. Aku nyawang awakmu nangis ngguguk sedhih banget. Sajake kowe iya banget kelangan..., mulane aku wong loro iki wis rembugan lan sarujuk netepke andum warisan duwit Rp. 5 milyar kanggo awakmu.... Nanging warisan liyane kayata omah, montor mewah saham lsp.kowe aja njaluk bagean ya..., bene wae kanggo aku wong loro lan anak-anakku... woke!"🙋♀️✋
Si wanita iku mung bisa manthuk-manthuk karo tetep nangis luwih seru (nangise saiki iki bingung lan begja kepayang...)
... hehehee opo tumon rejeki kok teka ra dinyana-nyana .. 😇🤣🤣🤪🤪...
Mukidi mbengok... "Ayo sapa sing arep nyoba!..", mak gragap Mukidi tangi merga wetenge dilumpati tikus 🐀🐀 ... cit cit...citt... hihihi
Ayo mesem... ayo ngguyu... yen ngguyu aja seru-seru.. 🤣🤣🤣
JM, sandyakala, 160622
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar