PITUTUR TINULAR

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/pfbid02JWiwX2CMuAtMwCt8r35uZdSmeFowKiCvWPEyh4cWJM225JZQFCyzRm1V7nNq6U5nl/


Wong kêsèd mono bêcik yèn uripé nulad sêmut.

Sanadyan sêmut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggêdhèni,

iya padha kêklumpuk rêjêki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panèn.


Sing sapa nyambut-gawé ora cékat-cèkêt dadi mlarat, nanging tangané wong kang srêgêp ndadèkaké sugih.

Sapa kang têtandho ing mangsa panas kuwi wong pintêr; nanging sapa kang pijêr turu waé ing mangsa panèn bakal kawirangan.


Wong kang jujur uripé ayêm, nanging wong kang nylèwèng bakal konangan.

Wong kang ora blaka kuwi gawé susah, nanging wong kang ngandhakaké sing sabênêré kuwi njalari katêntrêman.


JM, gagat bangun, 120622

             @eNPe

kadudud (Ams 6:6-8 &10:4-5;9-10)


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN