Postingan

MANUNGSA AMUNG WINATES

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3132463820366067&id=1684548218490975 Rahayu wong kang ana ing laku kautaman bagea tentrem rahayu sinung kabegjan dalane kayekten kang tansah den udi samubarang kang dumadi iku asale saka Sang Hyang Widi. Lelakone urip kadya ing cakrawala pinenthang, ambane datan bisa sinedya amung kang wus dadi kersaning Gusti, iku kang bakal dumadi manungsa amung winates anggone ngrancang lan ngupadi. JM, sandyakala, 301121           dening eNPe Berbahagialah orang yg ada dijalan kebenaran kan beroleh keselamatan dan kabahagiaan jalan kebenaran yg selalu diupayakan semua yg terjadi berasal dari Tuhan Allah Sang Pencipta. Jalannya kehidupan bagaikan terbentangnya cakrawala, lebar serta tak bisa dijangkau hanyalah apa yg sudah menjadi kehendakNya, itu yg akan terjadi manusia hanya terbatas didalam merencanakan dan berupaya.

WEKTU WEWENGAN KAPINDHO

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3130982213847561/ Kahanan kang diangen-angen tumraping wong kang lagi nemoni kaluputan yaiku ana wektu wewengan (winengakake ing wektu) kapindho supaya kepriye bisa ngowahi dadi apik kaluputane mau. Ananging emane bab iku ora gampang tinemu awit wanci wewengan iku ora tansah dumadi ing kapindhone. Temahane banjur dadi keduwung lan gela jroning atine. Lelakone urip iki pasemone kadya sawijine tetandhingan. Pamenange dudu sapa sing dhisik dhewe tekan ing garis pungkasan, ananging sejatine sapa sing bisa mungkasi tandhing iku kanthi apik lan bener. Tegese kang luwih jero anggone nglakoni klawan becik lan bener saben wektu wewengan kang kaparingake dening Gusti Allah, iku kang baku lan bisa laku sedyatama saturut karo dhawuhe Gusti. Uriping manungsa iku amung mampir ngombe, ewasamono jroning wektu kang sumadya, Gusti paring wektu wewengan (winengakake ing wektu) kanggo mratobat mawa tumindak kabecikan tuwin p...

SUMUNGKEM #gurit-pangatag

   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3130616967217419/ He sagung pra pangwasa sumungkema sung pepuja Kamulyan lan panggunggung mring Pangeran Ma’ Agung Tumungkula sakehing nama marang Asmane Kang Ma’ Kwasa Pra pamong padha sujuda ing ayunane Kang Ma’ Mulya Swarane Kang Ma’ Wisesa agawe geter jagad wrata Nanging umate Allah padha sujud lan bungah Allah kang angereh bayu angereh ombaking nepsu Karsa sinung saking swarga amengku marang umat-Nya         JM, esuk-kekes, 281121          dening eNPe

TUMINDAK KABECIKAN #tuladha

   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3129053057373810/ Ing satengahing giyaran amal dening PMI ana wanita kanthi tulus eklas nedya melu misungsungake getih (donor darah).  Sawuse misungsungake getihe wanita iku banjur mulih nunggang bis. Sajroning lakune, dheweke ngrasakake awake kurang sehat, greges-greges gliyengan banget sirahe nganti semaput ing jero bis. Lha ya wong-wong sing padha nunggang bis dadi umyek ngrewangi biyantu klebu sopir bis enggal ngenggokake bis-e tumuju menyang RS sing cedhak. Krana kedadean iku, barang-barang klebu dhuwite si wanita iku pating besasik kececer tekan ngendi-endi. Ewasamono kahanan iku ora gawe panunggang bis liyane tumindak kadurakan, kabeh gotong royong nglumpuke barang-barang lan dhuwit dibalekake ing tas-e si wanita iku tanpa kurang sethithika. Tumindak mulya kang tulus eklas dening wanita iku nuwuhake kabecikan bali mring dheweke awujud kabecikane sopir bis ngeterake menyang RS lan para penungg...

TUMINDAK KABECIKAN #guritpangangen

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3126243764321406/ Tumindak kabecikan ngasilake eseman eseman ngolehake paseduluran paseduluran luwih becik tinimbang kasugihan Kosok baline... Lamun tandang tanduk kebak kabencian pikolehe methik dosa lan memungsuhan memungsuhan agawe bubrah tatanan Eling lan waspada para sedulur guyub rukun agawe rejeki sempulur negara kuwat sabangsa dadya makmur Ayo samya cancut tali-wanda bebarengan ambangun praja tumuju masarakat adil makmur kang sinedya JM, gagat bangun, 221121          dening eNPe

AMBAGE KLAWAN TULUS-EKLAS

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3126138200998629/ Kocap kacarita ana sawijinine bapak anake ana 3 cacahe, lan raja-brana / bandha kasugihan sing diduweni *19 kebo.* Sang bapak nalika nyedhaki tilar donya, nedya ambage/andum warisan marang tetelu anak-anake mawa piweling layang wasiat unine : "1/2 kanggo anak mbarep,   1/4 kanggo anak nomer loro,   1/5 kanggo anak ragil." Kocapa sawuse sang bapak tilar donya, telu-telune si anak arep ngestokake dhawuh piwelinge bapake yaiku ambage kebo tinggalane bapake. Ananging, si anak-anak mau ngadhepi   - kerepotan angel lan nglengkara (mokal) - ???    petungane mengkene :   1/2 × 19 = 9,5 kebo   1/4 × 19 = 4,75 kebo   1/5 × 19 = 3,8 kebo iku ateges siji lan sijine anak entuk bagean kebo sing ora wutuh... piye jal apa ya kebo-ne arep dibeleh njur nembe dibage-bage? ya dadine nglengkara, mokal bisa dileksanani. Nah saben anak telu-telune ora ana sing gelem...

SAIBA SAGUNGING NIKMATNYA

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3125484084397374/            Saiba sagunging nikmatnya lamun sadherek sabangsa budidaya guyub rukun samya Ing pundi dununging katresnan saestu tansah karumentahan berkahing Gusti lan kraharjan Kasokan Sihing Kang Ma' Wisesa sinung kayekten bagya mulya tuwin gesang salaminya     #gurit-andriya JM, gagatbangun, 211121          dening eNPe

SI KANCIL SUGIH AKAL #pituturbocahcilik

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3123902521222197/ Sawijining dina kancil bingung clingak-clinguk arep nyabrang kali saprelu golek pangan ing alas sabrang kali. Nanging kreteg sing biasane dianggo nyabrang ambrol ketrajang banjir. Sanalika si Kancil kewan sing sugih akal iku duwe angen-angen pengin njaluk tulung baya. Si Kancil nggoleki baya sing galak lan ganas, rada wedi-wedi dheweke nyedhaki sang Baya. Dumadakan sang Baya nyamber sikile si Kancil. Si Kancil njerit kaget, "Ya bayaa!.., tulunng aku aja kok pangan saiki!".. si Kancil nganyang. Sang Baya mandheg olehe nyakot si Kancil, ujare, "Kena apa Cil? aku wis luwe banget kih tur kowe katone enak banget" "Wenehana aku wektu sawetara jam meneh ya kanggo nglemoke awakku supaya dagingku luwih akeh ben kowe bisa luwih wareg mengkone", panjaluke si Kancil marang sang Baya. "Ora!, kowe mesthi arep nggathaki aku ya..  ben bisa mlayu", tampike sang Baya. Si Kancil...

WUS GINARIS #pangangendriya

     kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3122955934650189/ Manungsa kadya musapir ing ngalam donya lakuning urip datan tetep kang sinedya nadyan dak luru kalungguhan lan bandha donya nora kaconggah anggonku anjangka Aku yakin urip datan mayar jinangka lakuning samubarang panguripan kandheg samangsa ana mangsane rekasa ana mangsane bagya mulya kabeh wus ginaris, cumawis samangsa-mangsa Aywa gumampang nglokro ing arsa udi kanthi temen apa kang dadya pangarepira diklawan manteping driya nyadhong sinung berkahing Gusti Kang Ma' Kwasa JM, sirepjalma, 171121         dening eNPe

DALANING PENGAREP-AREPAN #guritciptarasa

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3120947888184327/ Limenging mendhung angemuliku dalan kebak eri lan ndhakik sestu  nanging dak sawang ing ngarepku negriku endah ngegla memencut lakuku datan ana waspa lan pamuhun ing kalbu dak sabrangi kali panguripan tumujweng nagri tentrem rahayu.  Aku iki musapir kabur kanginan lumaku kamomotan kebak duhkitaning urip Ing nagri kang dak tuju datan ana reribet amung pasrawungan sarwa rukun rahayu kang bakal dak temoni mitra kadang sinarawedi paseduluran sarwa rukun rinengkuh dening Gusti. JM, parak esuk, 151121         dening eNPe

WEKTU TAMBAHAN

Gambar
   kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3119964244949358/ Sajroning tandhing bal-balan, wus lumrah ana sesebutan wektu tambahan (injury time, Ingg.) sawuse 45 menit wektu resmi rampung saputeran main. Ditambahi wektu iku marga ana sawetara menit kebuwang kanggo ngopeni sing kelaran utawa 'wasit' ngladeni panyaruwene pemain.  Nadyan wektu tambahan ora luwih saka 5 menit, para pemain aja nganti lena jalaran amung piranga menit bae bisa oleh tambahan ngleboke bal ing gawang mungsuh (gol) utawa suwalike gawange dhewe bisa klebon. Iya kadya mangkono prayoga tumraping kita duwe rasa begja lan bagya jroning nglakoni urip wektu-wektu iki. Samangsa donya isih muter lan isih ana napase panguripan, kita isih diparingi wewengan wektu kanggo mratobat lan ngowahi kaluputan-kaluputan kita.  Ing jaman samengko wektu tambahan urip kaparingake dening Gusti kanggo ngowahi tumindak kabecikan dadi umat kang soleh lan solehah migunani mring sapepadha tema...

TUMEKANE NGUNDURI UMUR

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3119094015036381/ Tumekane ngunduri umur ngantya mabluk rambutku Gustiku anjangkung lan ngreksa uripku. Nadyan ragaku sangsaya nora duwe daya tetep aku bagya kebak suka rena. Atiku tentrem, iman kapracayanku teguh pengarepanku ngrembaka lan kebak ing sih-katresnane Gusti. Tumekane ngunduri umur ngantya mabluk rambutku Gusti tansah setya mbopong uripku mendah lestari uripku ana ing Gusti salaminya. JM, sandyakala, 121121         dening eNPe