Postingan

PITUTURING URIP

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2995680324044418&id=1684548218490975 Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku njalari kasangsaran,  nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati. Tangan kang kendho marakake mlarat,  nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih. Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku wicaksana,  nanging kang pijer turu bae ing mangsa panen, iku bakal kawirangan. Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip,  nanging kang nglirwakake marang pameleh iku bakal kejlungup. kadudud Wulang Bebasan 10 : 2, 4, 5, 17 JM, lingsir pajar, 28521         dening eNPe

JAMAN EDAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/watch/?v=1222214241568928 Godhong kemuning rontog dadi sampah Gemlegere langit ngarepake udan Rasaning ati sangsaya lungkrah Ngrasakake kahanan kang sangsaya edan Sampah kertas jroning kardhus  Nunggang kreta kageret jaran Pra kanca ayo padha cancut ambrasta tikus Ya tikus politik sing agawe kasangsaran JM, gagatbangun, 27521      kaanggit : eNPe

BANDHA KANG LANGGENG

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2994492077496576&id=1684548218490975 #renungan sore Nabi Daud memulang mungguhing umate Gusti Allah dene sawijine kalungguhan kang digayuh sejatine dudu gegayuhan upayane dhewe ananging iku mujudake pakarti lan pamerdine Gusti. Kepriye kita bisa nyumurupi dene umate Gusti diberkahi Gusti? Apa tegese kita ndarbeki raja brana sugih mbrewu, kalungguhan dhuwur lan mulya? Kepriye pratelane iku kang nyata-nyata berkah, Allah tansah nganthi lan ngirid sajroning kepepet kadya ing tengahing paperangan utawa suwalike ing kahanan tentrem. Saben kang kita tampa iku awit amung pakaryaning Gusti piyambak. Mulane patrap kang utama yaiku sumadya lan puja sokur tumungkul ing ngarsane Gusti Allah. Bandha kang langgeng dudu bab apa kang bisa kita pamerake, ananging sayektine sapa sing tansah nganthi lan ngirid jroning urip kita, susah utawa seneng. Gusti Allah sejatine Gusti kang setya kang sanityasa rawuh ing urip umat kag...

KEKIDUNGAN WAYAH BENGI

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2988640581415059&id=1684548218490975 Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah Allah kita.  He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha marek ana ing ayunaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi. Tanganmu padha ngapurancanga madhep marang Panjenengane, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kita saka ing Swarga. Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe. Manawa kita mangan wohing kangelane tangan kita, rahayu lan begja kaanan kita samya! JM, sirep jalma, 18521         dening eNPe

LAKU UTAMA KAJUJURAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2979980692281048&id=1684548218490975 Kajujuran sawijining bab kang baku jroning urip umat manungsa ya umate Gusti. Kanggone masarakat Indonesia sinuguhan solah lan polahe para pamong praja ya para pendheganing pamarentahan kang kebak ing tumindak nerak paugeran ngunthetake kaskayane negara, nampa besel kaaranan 'korupsi' krana ketangkepe dening KPK, kadya wus dadi pasugatan saben dina ing warta-warta giyaran TV.  Kudune kaskayan kang dijarah iku bisa kanggo bea siswa, tunjangan kesehatan, tunjangan purna bakti kaum kasepuhan lsp. Tumindak korupsi bisa ngrusak tatanan ekonomi negara wusanane gawe sengsarane masarakat wong cilik. Pakumpulan-pakumpulan agama wajib lan perlu terus-terusan ngelingake lan nyawisake kulawarga-kulawarga kang bisa nyumbang kaluhuraning budi urip jujur lan rukun mring bangsa Indonesia.  Gusti Allah maringi sukarena sajroning pagaweane kang diayahi nganti pagawean iku nek...

GEGUBEDAN PAGEBLUG

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2979362039009580&id=1684548218490975 Gusti nguwalke pra jalma saka ing jireting memala lan saka bladeraning bilai Pinayungan ing astaNya sarta padha nemu pangungsen ana ing rengkuhane Kasetyaning Allah kang dadi tetameng lan tawing kita Kita tatag datan kuwatir mring pagiris wayah wengi Tan sumlang lumepase jemparing kang ngener wayah raina Tumekaning gegubedan pageblug ana ing papan kang limeng Tuwin marang bebaya pati amung Gusti tetameng kita JM, sumilaking pedhut, 6521          dening eNPe

AMUNG PANGANTHI GUSTI SATUHU

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2968387980106986&id=1684548218490975 Datan dak sumurupi dina candhake nanging jangkahku gagah dudu surya kang dak sedya dudu sesotya kang dak antu ya amung urip tentrem rahayu amung panganthi Gusti satuhu. Datan dak sumurupi dina esuke denya akasa peteng lelimengan nanging Gusti Kang Ma Asih setya tan kedhat ngreksa tuwin angaubi  nadyan ombak anrajang jangkahku amung panganthi Gusti satuhu. JM, panglipurdriya, 21421         dening eNPe

URIP JRONING PACOBAN -gagasan (renungan)-

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2967187653560352&id=1684548218490975 Nalika manungsa ketungka ngalami pacoban (jroning swasana prihatin ngadhepi C-19) lan uleng-ulengan angudi-daya jroning urip kerep anganggep lan matrapi kanthi cara werna-werna. Ana wong sing milih matrapi karo grundelan lan nutuh mring Gusti Allah. Nanging akeh uga wong-wong liyane sing bisa nampa dene pangudi-daya iku minangka Gusti paring pituduh lan pepeling yen iku wus ginaris apa kang dikersakake Gusti Allah supaya kita padha mratobat. Jroning pangudi-daya kanthi uleng-ulengan iku mratelakake yen dudu bab kang gampang. Kita manungsa umate Gusti bener-bener yakin pracaya dene amung krana astane Gusti piyambak kang bisa ngentasake luwar saka ing pacoban mau. Gusti Allah ora bakal negakake umat kagungane. Lamun kita metani lan nggagas mring urip kita, kita prelu mersudi lan niti-priksa apa kang dikersakake ing pangandikane Gusti. Prayoga kita aywa nglalekake kadarm...

MENDAH AGUNG PAKARTINE GUSTI

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2964144127198038&id=1684548218490975 Sadhengahing kukila wiwit ngoceh sesautan kekidungan tembang ing wayah esuk srana mekroking sekar angganda arum mendah agung dhuh Gusti pakarti Paduka. Gumebyaring raditya sumunar  anelahi ngare katon endah asri ing dirgantara gumelar nengsemake mendah agung dhuh Gusti pakarti Paduka. Ara-ara ijo dalah birune samodra ardi lan ngrembuyunging wanawasa cakrawala pinenthang amba mendah agung dhuh Gusti pakarti Paduka. JM, madyawulan, 15421         dening eNPe

KORUPSI GAWE KASANGSARANAN

    kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2960459737566477&id=1684548218490975 Tembung korupsi (ing kene diwatesi nampa besel ngunthetke dhuwite negara) wus ora nganeh-anehi ing kuping kita. Ana dhawuh pangandikane Allah kang wus katulis ing kitab-kitabe para Nabi  sing surasane "Aja laku bédhang, aja mematèni, aja nyolong, aja mélik barangé liyan" lan sadhengah dhawuh liyane, kuwi kabeh wis kecakup ana ing dhawuh: "Tresnaa marang sapepadhamu dikaya anggonmu tresna marang awakmu dhéwé!" Sapa sing tresna marang pepadhane kuwi ora bakal nandukake piala marang pepadhane mau. Kosok baline sing nandukake katresnan, kuwi padha karo nglakoni pepakon dhawuhe Gusti Allah.  Ngelingi kahanan kang kadadean saiki iki akeh para pangrehing praja ya abdine bangsa kang jumeneng pamong praja dadi jejering panguwasa padha tumindak nampa besel ngunthetake kaskayane nagara kasarane nyenyolong (korupsi), iku wacaka/tetela yen sejatine padha nerak pepakon kan...

GEBYARE SANG BAGASKARA

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2958349324444185&id=1684548218490975 Gebyare sang bagaskara mratandhani gumantine raina arcapada saisine mesem angayubagya wit limenge ratri wus mungkur ngegla. Sadhengah sato rerepen gumbira anambut esuk kanthi suka rena iba kita yogya muji sokur samya konjuk myang Gusti Kang Ma'pangripta. Samubarang apa kang kita ayahi jroning tumindak lan tutur-wacana saturut mituhu dhawuhe Gusti tan kedhat puja-puji sokur wit kaagunganNya. JM, wayah esuk, 7321        dening eNPe

NETEPI TETEMBUNGAN

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2956768634602254&id=1684548218490975 Kaya ngapa rasane nalika ana wong liya ora netepi tetembungane ya cidra ing kasaguhane. Bisa uga, njalari sebel nganti muntap kanepson kita.  Contone,  "Jarene arep teka jam 7.00, eee.. nganti jam 9.00 lagi ketok irunge! Akeh wektu kang kebuwang mung merga dheweke!"  "Jarene arep dirampungke dina iki, nanging nyatane ora ana sing rampung! Kabeh rancangan lan kang wus diacarani dadi ambyar ora karuwan!" "Jare arep nglamar, ee.. malah minggat tanpa warta! Bener-bener lara ati! Larane ing njero kene!" (karo nudingi jroning dhadha) Lan sapanunggalane tembung-tembung  omyangan liyane saking jengkele. Netepi tetembungan kang kaucap iku mujudake patrap mulya, kadya kang katulis ing paribasan "Ajining dhiri gumantung ana ing lathi" ngemu piwulang, manungsa kaajenan ing pasrawungan awit apa kang kawetu carane ing pangucape klebu netepi apa kang kauca...