LAKU UTAMA KAJUJURAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2979980692281048&id=1684548218490975
Kajujuran sawijining bab kang baku jroning urip umat manungsa ya umate Gusti. Kanggone masarakat Indonesia sinuguhan solah lan polahe para pamong praja ya para pendheganing pamarentahan kang kebak ing tumindak nerak paugeran ngunthetake kaskayane negara, nampa besel kaaranan 'korupsi' krana ketangkepe dening KPK, kadya wus dadi pasugatan saben dina ing warta-warta giyaran TV.
Kudune kaskayan kang dijarah iku bisa kanggo bea siswa, tunjangan kesehatan, tunjangan purna bakti kaum kasepuhan lsp. Tumindak korupsi bisa ngrusak tatanan ekonomi negara wusanane gawe sengsarane masarakat wong cilik. Pakumpulan-pakumpulan agama wajib lan perlu terus-terusan ngelingake lan nyawisake kulawarga-kulawarga kang bisa nyumbang kaluhuraning budi urip jujur lan rukun mring bangsa Indonesia.
Gusti Allah maringi sukarena sajroning pagaweane kang diayahi nganti pagawean iku nekaake berkah dudu kasangsaran. Kajujuran ana ing uriping manungsa bakal oleh kabagyan lan tentrem rahayu tumrap dhiri pribadi lan kulawargane. Ya kaya mangkono sejatine ganjarane Gusti mring sapa kang wedi lan tuhu mring dhawuhe Gusti.
Tumraping kita, nyambut gawe iku mujudake sawijining darmaning urip kang kebak sukarena saka Gusti Allah. Pagawean kang lagi kita ayahi mujudake sawijining darma lan kapracayan. Pagawean kang bener-bener diugemi bakal agawe berkah mring umate Gusti.
Kajujuran mujudake laku utama kang kudu tansah binarung ing sadhengah apa kang kita tandangi, Gusti bakal amberkahi lan gawe berkah mring wong akeh.
JM, parak esuk, 7521
dening eNPe
Masalah kejujuran merupakan hal yang esensial dalam kehidupan sebagai umat Allah. Kepada rakyat Indonesia dipertontonkan aksi tercela dari para pejabat negara yang tertangkap KPK melakukan korupsi, seperti sd terbiasa kita dengar berita2 di TV. Jelas2 korupsi merusak tatanan sendi2 bangsa & ekonomi, menjadikan kesengsaraan bagi masyarakat kecil yg luas. Organisasi keagamaan dan agamawan di negara kita perlu terus menerus berkontribusi aktif dalam mempersiapkan keluarga-keluarga yang dapat memberi dampak positif bagi karakter bangsa Indonesia.
Allah memberikan sukacita dalam pekerjaan yang umat-Nya tekuni, sehingga pekerjaan itu akan mendatangkan berkat dan bukan kutuk. Hidup dalam kejujuran akan mendatangkan kebahagiaan dan damai sejahtera bagi mereka dan keluarganya Inilah upah yang diberikan Tuhan kepada mereka yang takut dan setia akan printah-Nya.
Bagi kita, bekerja adalah sebuah panggilan penuh sukacita dari Allah. Pekerjaan yang sedang kita jalani merupakan sebuah kepercayaan. Pekerjaan yang ditekuni dengan sungguh-sungguh akan mendatangkan berkat bagi umat-Nya. Kejujuran merupakan nilai yang harus terpancar dari segala hal yang kita kerjakan.
Komentar
Posting Komentar