KEKIDUNGAN WAYAH BENGI

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2988640581415059&id=1684548218490975

Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah Allah kita. 

He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha marek ana ing ayunaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi.


Tanganmu padha ngapurancanga madhep marang Panjenengane, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah.


Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kita saka ing Swarga.


Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.


Manawa kita mangan wohing kangelane tangan kita, rahayu lan begja kaanan kita samya!


JM, sirep jalma, 18521

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN