JAMAN EDAN

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/watch/?v=1222214241568928

Godhong kemuning rontog dadi sampah

Gemlegere langit ngarepake udan

Rasaning ati sangsaya lungkrah

Ngrasakake kahanan kang sangsaya edan


Sampah kertas jroning kardhus 

Nunggang kreta kageret jaran

Pra kanca ayo padha cancut ambrasta tikus

Ya tikus politik sing agawe kasangsaran


JM, gagatbangun, 27521

     kaanggit : eNPe



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN