GEGUBEDAN PAGEBLUG
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2979362039009580&id=1684548218490975
Gusti nguwalke pra jalma
saka ing jireting memala
lan saka bladeraning bilai
Pinayungan ing astaNya
sarta padha nemu pangungsen
ana ing rengkuhane
Kasetyaning Allah kang dadi
tetameng lan tawing kita
Kita tatag datan kuwatir
mring pagiris wayah wengi
Tan sumlang lumepase jemparing
kang ngener wayah raina
Tumekaning gegubedan pageblug
ana ing papan kang limeng
Tuwin marang bebaya pati
amung Gusti tetameng kita
JM, sumilaking pedhut, 6521
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar