MENDAH AGUNG PAKARTINE GUSTI

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2964144127198038&id=1684548218490975

Sadhengahing kukila wiwit ngoceh sesautan

kekidungan tembang ing wayah esuk

srana mekroking sekar angganda arum

mendah agung dhuh Gusti pakarti Paduka.


Gumebyaring raditya sumunar 

anelahi ngare katon endah asri

ing dirgantara gumelar nengsemake

mendah agung dhuh Gusti pakarti Paduka.


Ara-ara ijo dalah birune samodra

ardi lan ngrembuyunging wanawasa

cakrawala pinenthang amba

mendah agung dhuh Gusti pakarti Paduka.


JM, madyawulan, 15421

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN