NETEPI TETEMBUNGAN

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2956768634602254&id=1684548218490975

Kaya ngapa rasane nalika ana wong liya ora netepi tetembungane ya cidra ing kasaguhane. Bisa uga, njalari sebel nganti muntap kanepson kita. 

Contone, 

"Jarene arep teka jam 7.00, eee.. nganti jam 9.00 lagi ketok irunge! Akeh wektu kang kebuwang mung merga dheweke!" 

"Jarene arep dirampungke dina iki, nanging nyatane ora ana sing rampung! Kabeh rancangan lan kang wus diacarani dadi ambyar ora karuwan!"

"Jare arep nglamar, ee.. malah minggat tanpa warta! Bener-bener lara ati! Larane ing njero kene!" (karo nudingi jroning dhadha)

Lan sapanunggalane tembung-tembung  omyangan liyane saking jengkele.


Netepi tetembungan kang kaucap iku mujudake patrap mulya, kadya kang katulis ing paribasan "Ajining dhiri gumantung ana ing lathi" ngemu piwulang, manungsa kaajenan ing pasrawungan awit apa kang kawetu carane ing pangucape klebu netepi apa kang kaucapake.

Wong liya ngenal lan mbiji awak kita dhewe adhedhasar apa kang kita ucapake lan janjekake. Mulane iku, iba banget prelune kita tansah netepi ora cidra ing janji.


Tetembungan apa bae? wangsulane 'sakabehane!' Apa kang kita ucapake saben dinane, kayata janji ketemu, janji saguh nindakake apa bae klebu sing katone sepele nanging aja kasepelekake! Luwih-luwih kasaguhan kita ing ngarsane Gusti Allah ora arep tumindak mursal.

Sumangga 🙏


JM, lingsir wengi, 5421

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN