AMUNG PANGANTHI GUSTI SATUHU

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2968387980106986&id=1684548218490975

Datan dak sumurupi dina candhake

nanging jangkahku gagah

dudu surya kang dak sedya

dudu sesotya kang dak antu

ya amung urip tentrem rahayu

amung panganthi Gusti satuhu.


Datan dak sumurupi dina esuke

denya akasa peteng lelimengan

nanging Gusti Kang Ma Asih

setya tan kedhat ngreksa tuwin angaubi 

nadyan ombak anrajang jangkahku

amung panganthi Gusti satuhu.


JM, panglipurdriya, 21421

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN