URIP JRONING PACOBAN -gagasan (renungan)-

   kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2967187653560352&id=1684548218490975

Nalika manungsa ketungka ngalami pacoban (jroning swasana prihatin ngadhepi C-19) lan uleng-ulengan angudi-daya jroning urip kerep anganggep lan matrapi kanthi cara werna-werna. Ana wong sing milih matrapi karo grundelan lan nutuh mring Gusti Allah. Nanging akeh uga wong-wong liyane sing bisa nampa dene pangudi-daya iku minangka Gusti paring pituduh lan pepeling yen iku wus ginaris apa kang dikersakake Gusti Allah supaya kita padha mratobat.


Jroning pangudi-daya kanthi uleng-ulengan iku mratelakake yen dudu bab kang gampang. Kita manungsa umate Gusti bener-bener yakin pracaya dene amung krana astane Gusti piyambak kang bisa ngentasake luwar saka ing pacoban mau. Gusti Allah ora bakal negakake umat kagungane.


Lamun kita metani lan nggagas mring urip kita, kita prelu mersudi lan niti-priksa apa kang dikersakake ing pangandikane Gusti. Prayoga kita aywa nglalekake kadarmane lan prasetyane Gusti tumraping urip kita.

 

Iba endahe yen ta kita bisa nyumurupi dene sejatine sih-katresnane Gusti manunggal ana ing urip kita. Bisa nyumurupi uga mungguhing pacoban kang kita alami iku mujudake salah siji carane Gusti memulang lan angasihi mring kita. Mugya kita kasinungan kekuwatan iman kapracayan kita, nyenyuwun enggal kaentasake saka ing prahara lan sakabehing bebaya. Tumraping Gusti apa kang katitahake iku sakabehane sarwa sampurna lan becik banget. 

Amin.. Amin 🙏🙏 Gusti amberkahi !


JM, ndungkap pambuka, 19421

           dening eNPe


Kajarwakake mawa basa Indonesia : ⤵️


Sewaktu manusia dalam pencobaan mengalami pergumulan dlm hidupnya, sering menanggapinya ber-macam2 cara. Ada orang yg ber sungut2 seolah Tuhan yg salah. Tapi banyak juga yg bisa menerima bahwa dlm pergumulannya melihat semua itu merupakan petunjuk dan peringatan yg sdh digariskan olehNya supaya kita pada bertobat.


Dalam pergumulan tsb yg tentunya dirasakan tidaklah mudah. Namun, kita sbg manusia ciptaanNya yakin percaya bhw hanya tangan dan kuasa Tuhanlah yg bisa menyelesaikan keluar dari pencobaan itu. Tuhan tidak akan tega membebani umatNya.


Jikalau kita cermati dan renungkan maka sejatinya kita belajar untuk memahami atas apa yg jadi kehendak seperti dlm FirmanNya.

Sebaiknya kita janganlah melupakan kesetiaan dan kebaikan yg Tuhan anugerahkan dlm kehidupan kita.


Betapa indahnya bila kita bisa memahami bhw sesungguhnya kasihNya manunggal dlm hidup kita. Bisa juga kita mengetahui bhw pencobaan itu adalah cara Tuhan mengajari dan mengasihi hidup kita. Semoga kita diberikan kekuatan iman, memohon dikeluarkan dari segala prahara dan marabahaya. Bagi Tuhan apa yg diciptakan itu semuanya serba baik dan sempurna.

Amin Amin 🙏🙏 ... Tuhan memberkati!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN