KABIDHUNG SUSAH
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2955312454747872&id=1684548218490975
Lamun kabidhung susah lelimengan samya,
hamung sira nggresah yekti tanpa guna,
nyadhonga gunging berkah sarta nugraha,
dalah prakara lumrah dadya marginira.
Lamun katempuh rubeda de kridhaning mengsah,
ugemana tamengira pracaya lan pasrah,
wit Gusti wus prasetya nganthi sapurugmu,
yeku kang bakal nuntun lakuning uripmu.
Lamun kablegan momotan ingancam memala,
ngungsia mring Pangeran ywa semplah ing nala,
sira rineksa Pangeran mrih datan kasangsaran,
tan sande linuwaran wah sinung kraharjan.
JM, kekesing driya, 3421
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar