GEBYARE SANG BAGASKARA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2958349324444185&id=1684548218490975
Gebyare sang bagaskara
mratandhani gumantine raina
arcapada saisine mesem angayubagya
wit limenge ratri wus mungkur ngegla.
Sadhengah sato rerepen gumbira
anambut esuk kanthi suka rena
iba kita yogya muji sokur samya
konjuk myang Gusti Kang Ma'pangripta.
Samubarang apa kang kita ayahi
jroning tumindak lan tutur-wacana
saturut mituhu dhawuhe Gusti
tan kedhat puja-puji sokur wit kaagunganNya.
JM, wayah esuk, 7321
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar