Postingan

AJINE/REGANE SIH KATRESNANE IBU

  kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/1684548218490975 /posts/pfbid099Yxe6yVLwGCBSxrVUp298p2osdHLhimZPefLPQ2yNQkpkDo9JbqfhLf8BU7nhR9l/ AJINE/REGANE SIH KATRESNANE IBU Ana sawijinine anak sing sugih brewu lan lagi nedheng-nedhenge moncer/kondhang tilik ibune sing nembe nandhang gerah ing rumah sakit nglawan gerahe antarane mati lan uripe. Puji sokur Gusti, wusanane si ibu dening doktere wus kepareng kondur. Kanthi enggal gegancangan si anak methuk ibune banjur ndherekake kondur menyang daleme. Tekan dalem ibune, si anak ngetokake lembaran kertas nuli kaaturake ibune, isine yaiku tagihan sajroning ibune dirawat ing rumah sakit, 1. Obat : Rp. 12.500.000 2. Kamar rumah sakit :   Rp. 8.000.000 3. Wragad tilik : Rp. 4.000.000 4. Wragad jaga bengi ing rumah sakit: Rp. 3.000.000 5. Wragad ngopeni ibu sajrone sesasi  : Rp. 5.000.000 6. Ganti rugi ninggalake rapat : Rp. 4.500.000 7. Bensin kanggo wira wiri : Rp1.000.000 8. Liya liyane : Rp10.000.000 la...

CANCUT TALI-WANDA

  (kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2147808065498319&id=1684548218490975  ) He pra pandheganing praja, pra pangreh praja ya kawulaning praja, aywa padha regejegan catur cinatur ala, padha elinga dene sira iku nunggal bangsa, padhadene warganing praja ya Negara Kesatuan Republik Indonesia. Payo cancut tali-wanda, sayuk-sayuk rukun bebarengan ambangun nagara, mrih lestarinya urip bebrayaning praja, nagara MARDIKA kerta raharja. Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira, ngestokna sabdeng Gusti tresna sapepadha, nadyan panemu beda nging tan samya sulaya, olah kawicaksanan tan nang-menangan. JM, lingsir wengi, 21718         dening eNPe

UPAYA KAMAJUWAN PRIBADI

Ing satengahing kulawarga ana bocah siji jejere anak ragil jenenge Yusup kang dadi anak-kinasihe bapake tinimbang sedulur-sedulur liyane. Yusup ditresnani banget dening bapake kabukten nalika bapake kondur seka manca dioleh-olehi klambi sing elok dhewe tinimbang sedulur liyane. Yusup katon luwih misuwur ing satengahe sedulur-sedulure. Iki amarga katresnane bapake mring Yusup kepara banget lan luwih migatekake tinimbang para sedulure. Apa maneh Yusup duwe sipat wadulan marang bapake bab kenakalane para sedulure. Ya iki sing njalari para sedulure sengit marang Yusup. Sesengitan sangsaya ndadi nalika Yusup nyritake impene. Jroning ngimpi, gambarake lamun dheweke luwih dhuwur lan diurmati dening sedulur-sedulur liyane. Ya mesthi bae iki sangsaya ndadekake tambah sengite sedulur-sedulure marang Yusup. Rasa sengit sedulur-sedulure Yusup mring dheweke rak ya temtu dudu patrap sing bener, arepa iki patrap kang nora bisa diselaki? Gusti Allah ngersakake lan paring pacoban mring kita kepriy...

MULYAKNA KAMULYANING ALLAH MA'LUHUR

  (kapacak ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2101709910108135&id=1684548218490975 ) Krepekna kekidungan anyar, krana kamulyaning Allah Kang Ma'Luhur, Tumitah ing saindhenging nabastala salumahing bantala, tembangna puji-pujian ing ngaluhur. Luhurna asmaNe Gusti Kang Maha Agung, Surak-surak sukarena konjuk Sang Pangeran, Mulyakna he diwangkara, he candra, datan kendhat konjuk ing arsaNya. He kartika kelap-kelap ing nabastala, puji lan mulyakna Gusti Kang Akarya Gesang, He pra titah sadarum kawit saka arga tumekaning samodra, padha sumuyud memujia Sang Pangripta jagad raya. Kaaturna rerepen kidung masmur konjuk ing arsaNya, He bayu ing dirgantara padha memujia klawan sukarena, mulyakna Asma Pangriptamu, minangka pisungsung caos sokur awit palimirmaNya. JM, madya ratri, 010618        dening eNPe

NGOWAHI CARANE NYAWANG KAHANAN

  (kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2100589846886808&id=1684548218490975  ) Kacarita sawijining ibu duwe putra 4 lanang kabeh. Urusaning blanja, umbah-umbah, masakan, reresik omah ditandangi dhewe. Garwa lan para-putrane ngurmati apa sing ditindakake. Ananging ana siji sing dadi masalah, ibu kang banget olehe resikan nora seneng yen karpet ing ngomahe reged. Si ibu duka-duka lan muntab banget sedina muput pendhak dina jalaran mirsani yen karpete ana tipak sepatu ndadekake swasana nora ngepenakake. Kamangka ana putrane lanang 4 jag-jagan meh saben dina bisa dadi uring-uringan lan ngrerujit nyiksa batine. Krana pamrayogane kulawarga, sang ibu nemoni sawijining psikolog kondhang saprelu nyaritakake apa kang dialami ing pedinane. Sawuse ngrungokake critane sang ibu mau psikolog mesem lan ngendika mring sang ibu : "Ibu coba dak aturi merem lan mbayangake apa sing arep dak aturake ya" Ibu iku nuli merem. "Bayangake omah ibu sing rapi ...

GAGAT-BANGUN

  (kapacak ugi :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2097225470556579&id=1684548218490975 ) Manuk prenjak nyanyi suka-rena mratandhani ratri gumanti esuk dhuh Gusti, Ratuning jagad raya puji sokur umat Paduka konjuk Sumorot cahyaning raditya abyor nyumilak petenging wengi gagat-bangun gumregah pra umatNya samya ngresepi berkahe Gusti Pra jalma sigrak gegancangan netepi darmaning kardi bocah-bocah cecuwit myang pawiyatan wulangan elmu kang den udi Puji sokur dhuh Gusti datan kedhat sumiliring rejeki rumentah mring kula sami mugi rahayu kang sarwa kinanthi JM, gagat-bangun, 230518        dening eNPe

AJA MITENAH

  (kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2096051744007285&id=1684548218490975  ) Ing jaman saiki sing kondhang 'jaman now' ya jamane millenial asring kita nemu warta-warta palsu ya klebu warta ujar kabencian. Iba mrihatinake dene para warga masarakat klebu tokoh-tokoh poletik lan tokoh masarakat kanthi mayar nyebar warta kang gampang banget datan disaring dhisik. Sing banget mrihatinake ana ing jembaring donyane maya bab nyamah-nyenyamah ya ngala-ala mring liyan sangsaya suwe sangsaya ngambra-ambra. Gawe pitenah kadya bebas banget nora ana wewatese. Mula njur dening pamarintah kawetokake sing jenenge Undang2 ITE kanggo ngatur solahe masarakat ing donyaning maya. Wus kaserat uga pangandikane Gusti ing Yakobus 4:11-12,   "He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angg...

PADHA MRATOBATA

Pituduh kanggo para umating Allah kang blasar saka urip kayekten. Muga enggal sinung yekti dene dalan kang wus katempuh sejatine tumuju bilahi. Padha mratobata, balia ing dalan kayekten kang wus cinawisake dening Gustimu awit sliramu kadya anak ilang kang prelu papan palereman sayekti. Padha guyub-rukuna sapepadhamu ana ing ngarsane Gusti awit pancen iku kang dadi kersane Gusti Kang Murbeng Gesang. Kawuningana, wus kaserat ing Kitab 3 Yokanan 1:11  He, sadulurku kang kinasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah. Tentrem rahayu anaa ing kita kabeh para umat kagungaNe. Gusti Allah amberkahi! Amiien JM, ebun esuk, 190518         dening eNPe

SAGUNGING NUGRAHA

 (kapacak :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2094351617510631&id=1684548218490975   Manungsa ngluku winih sinebar pinaringan suburing sawah kang gumelar tan kedhat kumepyuring tirta kepyaring sorot radhitya amung nugrahaning Gusti kang cinipta Sawah ijo royo-royo katon nyata kadang tani padha suka rena puja sokur mring KaagunganNya Gusti Kang Akarya Nugraha tan kendhat Sih PalimirmaNya Samubarang kang sarwa ana amung nugraha Kang Ma Kawasa padha memujia klawan mulya awit Sih PalimirmaNya Adoh cedhak salumahing bantala rungkuding alas ambane segara nora ana sing dilirwakake, kabeh dibela kita pinaringan pangan kadya ilining tirta JM, magrib, 170518    dening eNPe Ngaturaken Sugeng Buka Siyam

KUMANDELKU

  (kapacak uga ing FB :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2094240640855062&id=1684548218490975 Amung kumandel uwiting karosanku Amung kapracayan etuking kraharjanku Aku datan kuwatir awit Pangeran pepujanku Allah dadi kraharjanku ya uwiting karosanku Aku datan geter mring mungsuhku Allah pangayomku ya baluwarti andelanku Ya sih palimirma pinangkane saka Gustiku Aku linuwaran saka bebendu JM, madya raina, 170518          dening eNPe

REREPEN DALU

  (kapacak ugi ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2081959605416499&id=1684548218490975  ) Dhuh Pangeran sesembahan kawula Kawula angalembana Paduka Ing wanci dalu punika Padhanging surya sampun sirna Nanging Paduka tan nilar kawula Tansah ngrimat gesang kawula Asta Paduka rumeksa kawula Aparing sandhang lan tedha Dene yen kawula manggih sisah Pangauban Paduka tansah rumentah Wiwit ing wanci enjing-enjing Ngantos ing dalu samangkya Ing sauruting dalu punika Paduka ngemuli kawula Raga lan sukma kawula pasrah Ing asta Paduka kang kwasa Bencana kaliyan samukawis rubeda mugi Paduka tebihaken Supados tangi kula enjing klayan kawilujengan JM, wanci sidhem, 23418          eNPe

GUYONAN ESUK-ESUK

  (kapacak uga ing FB  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2076422722636854&id=1684548218490975   Guyonan esuk2 cak! " S P B U... "😃😀😬😆 Ono wong tuwe'k ngadek ndek cedak SPBU ditakoki kerne't angkot usil sing pas ngantri. "Mbah sampe'an ngertos singkatan SPBU" "Yo ngerti le.... aku tuwe'k2 ngene yo terpelajar...sekolahmu opo toh le... SD lulus opo ora? wong atase SPBU ae kok takon" Si kerne't karo ngguyu mangsuli "mboten sampe' lulus Mbah...kelas papat...kulopun medal kok" "Lha lak tenan tooo....he..he" "sak estu kulo mboten sumerap mbah'' "SPBU sing... S ... niku nopo mbah ?" " Solaaar .... " "Nek... P ...ne nopo" " Premiuuuum " "Nek.. .B. .." " Bengsiiin " mosok ngono ae gak ngerti le... mbahe mangsuli karo mlaku ngalih" "Lho mbah... mbah ......