NGOWAHI CARANE NYAWANG KAHANAN

 (kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2100589846886808&id=1684548218490975 )

Kacarita sawijining ibu duwe putra 4 lanang kabeh. Urusaning blanja, umbah-umbah, masakan, reresik omah ditandangi dhewe. Garwa lan para-putrane ngurmati apa sing ditindakake.

Ananging ana siji sing dadi masalah, ibu kang banget olehe resikan nora seneng yen karpet ing ngomahe reged. Si ibu duka-duka lan muntab banget sedina muput pendhak dina jalaran mirsani yen karpete ana tipak sepatu ndadekake swasana nora ngepenakake.
Kamangka ana putrane lanang 4 jag-jagan meh saben dina bisa dadi uring-uringan lan ngrerujit nyiksa batine.

Krana pamrayogane kulawarga, sang ibu nemoni sawijining psikolog kondhang saprelu nyaritakake apa kang dialami ing pedinane. Sawuse ngrungokake critane sang ibu mau psikolog mesem lan ngendika mring sang ibu : "Ibu coba dak aturi merem lan mbayangake apa sing arep dak aturake ya"

Ibu iku nuli merem.

"Bayangake omah ibu sing rapi lan karpete gumelar resik, nora ana cacat, nora ana tipak sepatu, piye sing dirasakake ibu?"

Karo tetep merem, eseme ibu katon sumringah, raine sing maune njenggerut owah dadi padhang. Sajake si ibu katon rena pirsa wewayangan sajeroning merem.

Sang psikolog bacutake : "Iku mratandhani nora ana wong siji-sijia ing omah ibu. Nora ana garwa nora ana putra-putra, nora keprungu swarane gegojekan kang kebak suka rena. Omah ibu sepi lan kosong datan ana wong-wong kang ibu tresnani."

Sanalika praenane sang ibu owah bali nyengkureng, eseme ilang sanalika, ambegan karo sesenggukan. Penggalihe gonjing, pamikire sanalika was-was nggambarake apa sing kedadean dening garwa lan putra-putrane.

Sang psikolog mbacutake, "Coba saiki pirsanana karpet iku ana tipak sepatu lan regedan liyane, iku tegese garwa lan putra-putramu ana ing omah, sapa bae kang ibu tresnani ana ing kono bebarengan karo ibu agawe anget swasana omah."

Ibu wiwit mesem maneh lan krasa tentrem atine nyipati wewayangan mau.

"Saiki coba ibu melekake mripat meneh, piye apa karpet isih dadi rasa kuwatire ibu?", ngono ngendikane psikolog.
Si ibu karo mesem nggedhekake mustakane.

Wangsulane si ibu, "Aku ngerti lamun kita ngadhepi kahanan kanthi ngowahi carane nyawang apa kang katone sarwa ala bisa dadi sarwa becik."

Ya wiwit iku sang ibu nora nate maneh ngersula bab karpete sing reged, amarga saben meruhi tipak sepatu, sang ibu krasa tentrem dene kulawarga kang ditresnani ana ing omah.

Eliding crita ing nduwur,
yen kita bisa ngramu anggon kita ngadhepi kahanan apa bae lan kita bisa ngowahi anggon kita nyawang, mula apa kang maune kita adhepi kurang nyenengake malah kepara nyerikake bisa owah dadi nyenengake lan nentremake.

Sumangga!

JM, madya ratri, 300518
      dening eNPe

  (kajarwaake saka tulisane kadang ing salah sijining grup WA ing basa Ind. kanthi irah-irahan Mengubah Sudut Pandang)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN