AJA MITENAH
(kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2096051744007285&id=1684548218490975 )
Ing jaman saiki sing kondhang 'jaman now' ya jamane millenial asring kita nemu warta-warta palsu ya klebu warta ujar kabencian.
Iba mrihatinake dene para warga masarakat klebu tokoh-tokoh poletik lan tokoh masarakat kanthi mayar nyebar warta kang gampang banget datan disaring dhisik.
Sing banget mrihatinake ana ing jembaring donyane maya bab nyamah-nyenyamah ya ngala-ala mring liyan sangsaya suwe sangsaya ngambra-ambra. Gawe pitenah kadya bebas banget nora ana wewatese.
Mula njur dening pamarintah kawetokake sing jenenge Undang2 ITE kanggo ngatur solahe masarakat ing donyaning maya.
Wus kaserat uga pangandikane Gusti ing Yakobus 4:11-12,
"He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime."
"Mung siji kang nganakake angger-angger sarta kang jumeneng Hakim, yaiku Panjenengane kang kuwaos nylametake sarta numpes. Nanging kowe iku sapa, dene kok ngadili pepadhamu?"
Para kadang sutresna PBJ, kapan ya bangsaku iki bisa guyub rukun tresna tinresnan urip bebarengan nora bedak-bedakake siji lan sijine kanggo ngudi kamulyaning bangsa tumuju masarakat adil makmur ing wadhah 'katulistiwa' NKRI.
JM, sirep jalma, 200518
dening eNPe
*√>* https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2054723004806826&id=1684548218490975

Komentar
Posting Komentar