PADHA MRATOBATA
Pituduh kanggo para umating Allah kang blasar saka urip kayekten.
Muga enggal sinung yekti dene dalan kang wus katempuh sejatine tumuju bilahi.
Padha mratobata, balia ing dalan kayekten kang wus cinawisake dening Gustimu awit sliramu kadya anak ilang kang prelu papan palereman sayekti.
Padha guyub-rukuna sapepadhamu ana ing ngarsane Gusti awit pancen iku kang dadi kersane Gusti Kang Murbeng Gesang.
Kawuningana, wus kaserat ing Kitab 3 Yokanan 1:11 He, sadulurku kang kinasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah.
Tentrem rahayu anaa ing kita kabeh para umat kagungaNe.
Gusti Allah amberkahi! Amiien
JM, ebun esuk, 190518
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar