KUMANDELKU

 (kapacak uga ing FB : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2094240640855062&id=1684548218490975

Amung kumandel uwiting karosanku
Amung kapracayan etuking kraharjanku

Aku datan kuwatir awit Pangeran pepujanku
Allah dadi kraharjanku ya uwiting karosanku

Aku datan geter mring mungsuhku
Allah pangayomku ya baluwarti andelanku

Ya sih palimirma pinangkane saka Gustiku
Aku linuwaran saka bebendu

JM, madya raina, 170518
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN