SAGUNGING NUGRAHA
(kapacak : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2094351617510631&id=1684548218490975
Manungsa ngluku winih sinebar
pinaringan suburing sawah kang gumelar
tan kedhat kumepyuring tirta
kepyaring sorot radhitya
amung nugrahaning Gusti kang cinipta
Sawah ijo royo-royo katon nyata
kadang tani padha suka rena
puja sokur mring KaagunganNya
Gusti Kang Akarya Nugraha
tan kendhat Sih PalimirmaNya
Samubarang kang sarwa ana
amung nugraha Kang Ma Kawasa
padha memujia klawan mulya
awit Sih PalimirmaNya
Adoh cedhak salumahing bantala
rungkuding alas ambane segara
nora ana sing dilirwakake, kabeh dibela
kita pinaringan pangan kadya ilining tirta
JM, magrib, 170518
dening eNPe
Ngaturaken Sugeng Buka Siyam
Manungsa ngluku winih sinebar
pinaringan suburing sawah kang gumelar
tan kedhat kumepyuring tirta
kepyaring sorot radhitya
amung nugrahaning Gusti kang cinipta
Sawah ijo royo-royo katon nyata
kadang tani padha suka rena
puja sokur mring KaagunganNya
Gusti Kang Akarya Nugraha
tan kendhat Sih PalimirmaNya
Samubarang kang sarwa ana
amung nugraha Kang Ma Kawasa
padha memujia klawan mulya
awit Sih PalimirmaNya
Adoh cedhak salumahing bantala
rungkuding alas ambane segara
nora ana sing dilirwakake, kabeh dibela
kita pinaringan pangan kadya ilining tirta
JM, magrib, 170518
dening eNPe
Ngaturaken Sugeng Buka Siyam
Komentar
Posting Komentar