GAGAT-BANGUN
(kapacak ugi : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2097225470556579&id=1684548218490975)
Manuk prenjak nyanyi suka-rena
mratandhani ratri gumanti esuk
dhuh Gusti, Ratuning jagad raya
puji sokur umat Paduka konjuk
Sumorot cahyaning raditya
abyor nyumilak petenging wengi
gagat-bangun gumregah pra umatNya
samya ngresepi berkahe Gusti
Pra jalma sigrak gegancangan
netepi darmaning kardi
bocah-bocah cecuwit myang pawiyatan
wulangan elmu kang den udi
Puji sokur dhuh Gusti
datan kedhat sumiliring rejeki
rumentah mring kula sami
mugi rahayu kang sarwa kinanthi
JM, gagat-bangun, 230518
dening eNPe
Manuk prenjak nyanyi suka-rena
mratandhani ratri gumanti esuk
dhuh Gusti, Ratuning jagad raya
puji sokur umat Paduka konjuk
Sumorot cahyaning raditya
abyor nyumilak petenging wengi
gagat-bangun gumregah pra umatNya
samya ngresepi berkahe Gusti
Pra jalma sigrak gegancangan
netepi darmaning kardi
bocah-bocah cecuwit myang pawiyatan
wulangan elmu kang den udi
Puji sokur dhuh Gusti
datan kedhat sumiliring rejeki
rumentah mring kula sami
mugi rahayu kang sarwa kinanthi
JM, gagat-bangun, 230518
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar