REREPEN DALU
(kapacak ugi ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2081959605416499&id=1684548218490975 )
Dhuh Pangeran sesembahan kawula
Kawula angalembana Paduka
Ing wanci dalu punika
Padhanging surya sampun sirna
Nanging Paduka tan nilar kawula
Tansah ngrimat gesang kawula
Asta Paduka rumeksa kawula
Aparing sandhang lan tedha
Dene yen kawula manggih sisah
Pangauban Paduka tansah rumentah
Wiwit ing wanci enjing-enjing
Ngantos ing dalu samangkya
Ing sauruting dalu punika
Paduka ngemuli kawula
Raga lan sukma kawula pasrah
Ing asta Paduka kang kwasa
Bencana kaliyan samukawis rubeda
mugi Paduka tebihaken
Supados tangi kula enjing klayan kawilujengan
JM, wanci sidhem, 23418
eNPe
Dhuh Pangeran sesembahan kawula
Kawula angalembana Paduka
Ing wanci dalu punika
Padhanging surya sampun sirna
Nanging Paduka tan nilar kawula
Tansah ngrimat gesang kawula
Asta Paduka rumeksa kawula
Aparing sandhang lan tedha
Dene yen kawula manggih sisah
Pangauban Paduka tansah rumentah
Wiwit ing wanci enjing-enjing
Ngantos ing dalu samangkya
Ing sauruting dalu punika
Paduka ngemuli kawula
Raga lan sukma kawula pasrah
Ing asta Paduka kang kwasa
Bencana kaliyan samukawis rubeda
mugi Paduka tebihaken
Supados tangi kula enjing klayan kawilujengan
JM, wanci sidhem, 23418
eNPe
Komentar
Posting Komentar